Zayn Malik

Zain Javadd "Zayn" Malik[1][2] (lair ing Bradford, Inggris, Britania Raya, 12 Januari 1993;yuswa 23 taun[3]), ya iku panembang lan panulis lagu saka Inggris.Jeneng bapaké ya iku Yasser kang nduwé katurunan Inggris-Pakistan, jeneng ibuné ya iku Tricia Malik  saka Inggris. Dhèwèké nduwé telu sadulur wadon ya iku, Doniya, Waliyha lan Safaa.[4][5]

Zayn Malik nalika nembang bareng Liam Payne

Biografi

Urip lan sekolah

Zayn gedhé ing East Bowling, kulon kutha Bradford. Dhéwéke miwiti sekolah ing Lower Fields Primary School lan neruské ing Tong High School, sekolah nagri ing Bradford.[6] Sadurungé pindah, Zayn wis pindah sekolah kaping loro marga dhèwèké ora cocog karo sekolah sadurungé. Sawisé pindah marang sekolah Tong High Shool, dhèwèké wiwit fokus marang kapinterané.[7] Nalika mèlu The X Factor, mbahé, Walter nilar dunya. Zayn nduwé tato wujud jeneng mbahé nganggo basa Arab ing dadané.[8][9][10][11]

The X Factor

Nalika audisi The X Factor, Zayn ngomongké motivasiné mèlu acara iku ya iku nggolèk pengalaman. Mituruté, urban music ya iku alasan utama kang gawé prabawa karir musiké sing nduwéni génré R&B lan Rap.[7][12] Ing audisi X Factor, Zayn nembangaké lagu R&B duwéké Mario sing judhulé "Let Me Love You". Dhèwèké uga personil One Direction kang dianggep dadi "kolaborator impén" déning para artis dunya, salah sijiné Bruno Mars.[13] Zayn tau kencan karo kontestan X Factor liya, ya iku Rebecca Ferguson. Hubungan iki mung nganti wulan bulan November 2011.[14] Zayn uga seneng ngrokok. Ing wulan  Agustus 2011, dhèwèké omong yèn péngin mandheg ngrokok.[15]

Tato

Zayn nduwéni pitu tato ing awaké; tato kang dhapuré "Yin Yang" ana ing tangané, gambar driji nyilang ana ing tangan ngisor, jeneng mbahé nganggo tulisan arab ana ing dadané, simbol Jepang kang nduwéni arti born lucky, gambar ati ana ing weteng, gambar godhong pakis pérak kang wujud nagri Selandia Baru ana ing mburi gulu lan tato epigraf ing pérangan balung selangkané.[16][17]

Agama

Wulan Juni 2012, Zayn nulis tweet: "La ila ha ill lalla ho muhammed door rasoolalah" kang nandhakaké dhewéké iku muslim. Tweet iki nggawé akèh omongan saka golongan anti-muslim ing Eropa lan Amérika, salah sijiné ya iku Schlussel Debbie Schlussel. "Dhèwèké nggunakaké prabawané kanggo nyebarké agama Islam marang para penggemaré, lan nggawé padha pindah agama. iku mbebayani," tulis Debbie ing blogé.[18] Sawetara iku,Zayn ulih pujian saka para muslim liya ing indhustri hiburan Eropa lan Amérika. Wajahat Ali, penulis cerita muslim saka San Fransisco nyebutaké yèn suksésé Zayn iku bisa ndandani jeneng Islam ing dunya Kulon. Zudhi Jasser, aktivis muslim ing Amérika uga njurung Zayn marga wani ngomong yèn dhèwèké iku muslim ing dunya kulon kang misuwur bab diskriminasi muslim. Nanging, dhèwèké uga ngelingake yèn muslim sing konservatif bakal ngancem Zayn marga tato lan tindikan ana ing kupingé.[19]

 Asmara

Sawisé dadi omongan yèn dhèwèké pacaran karo anggota girlband Little Mix; Perrie Edwards, ing wulan Mèi 2012 Zayn ngomong yèn dhèwèké lan Perrie Edwards pancen pacaran.[20][21][22][23][24][25][26] Ing wulan 2013, Zayn Malik krungu kabar yèn dhèwèké selingkuh karo pelayan sing jenengé Courtney Webb lan Zayn uga dikabaraké yèn dhèwèké kawin karo Courtney Webb.[27][28][29] Dina minggu tanggal 27 Januari 2013 sawisé teka ing acara pahargyan musik NRJ Awards 2013 ing Perancis, Zayn langsung mulih menyang Inggris lan ketemu karo Perrie Edwards kanggo ngomongké babagan gayutané.[30]

Metu saka One Direction

Rabu, 25 Maret 2015 Zayn metu saka One Direction marga dhèwèké péngin dadi wong biyasa lan adoh saka médhia. Dhèwèké uga mbantah yèn dhèwèké nduwé masalah karo anggota One Direction liyané.[31][32][33]

Sala karir

Sawisé metu saka One Direction, Zayn milih dadi panembang solo utawa dhéwékan. Nganti saiki, dhèwèké wis gawé siji album kang judhulé Mind of Mine  sing dibabar tanggal 25 Maret 2016.[34] Salah siji laguné ya iku Pillowtalk, dadi posisi kaping siji ing UK Singles Chart[35] lan Billboard Hot 100.[36]

Réferènsi

Pranala njaba