Aksara Kannada

Aksara Kannada (IAST: Kannaḍa lipi) ya iku aksara abugida saka kulawarga Brahmi.[2] Aksara iki adaté kanggo nulisaké basa Kannada, salah siji basa Dravida ing India Kidul, mligi ing praja Karnataka. Aksara Kannada uga sumrambah ing wewengkon Karnataka kanggo nulisaké basa Sansekerta. Sawenèh basa minoritas, kaya ta basa Tulu, basa Konkani, basa Kodava, basa Sanketi, lan basa Beary, uga ditulis nganggo aksara kang dhedhasar aksara Kannada.[3] Aksara Kannada lan Telugu akèh memperé, mula asring diarani rong gagrag saka siji aksara. Kayadéné iku, Goykanadi, gagrag Kannada Kuna, ing kala kapungkur tau kanggo nulisaké basa Konkani ing praja Goa.[4]

Kannada
Jinis
BasaKannada
Sansekerta
Konkani
Tulu
Kodava
Badaga
Beary
Sanketi
Kala
Abad angka 5 - saiki[1]
Aksara babon
Brahmi
  • Kadamba
    • Kannada
Aksara sadulur
Telugu
Sinhala
Mon
Arah nulisKiwa manengen
ISO 15924Knda, 345
Jeneng Unicode
Kannada
Larik Unicode
U+0C80–U+0CFF

Rujukan

Pranala njaba