Al-Hasakah

Al-Hasakah (Arab: الحسكة‎‎, Kurdhi: Hesîçe‎, Syriac: ܚܣܟܗ‎, salin aksara Ḥasake, Basa Turki: Haseke), uga dikenal mawa jeneng Al-Hasakeh, Al-Kasaka utawa mung Hasakah, ya iku kutha krajané Kagubernuran Al-Hasakah sing dumung ana ing puncit lor-wétané Suriah.[2] Al-Hasakah minangka salah sawijining kutha sing kalebu ing sepuluh kutha gedhé dhéwé ing Suriah, lan kutha gedhé dhéwé ing Kagubernuran Al-Hasakah, kanthi cacah wong 188.160 ing taun 2004. Kutha iki minangka punjer administratifé nahiyah (subdhistrik) sing dumadi saka 108 pomahan kanthi gunggung cacah jiwa 251.570 wong ing taun 2004.[1]

al-Hasakah
الحسكة
Kutha
al-Hasakah kapernah ing Syria
al-Hasakah
al-Hasakah
Location of al-Hasakah in Syria
Koordhinat: 36°30′28″N 40°44′47″E / 36.507867°N 40.7462671°E / 36.507867; 40.7462671 40°44′47″E / 36.507867°N 40.7462671°E / 36.507867; 40.7462671
Nagara Suriah
Kagubernuran Suriahal-Hasakah
Dhistrik ing Suriahal-Hasakah
Subdhistrikal-Hasakah
Élepasi300 m (1,000 ft)
Cacah warga (2004)[1]188,160
 • Métro251,570
Zona wektuEET (UTC+2)
 • Usum panas (DST)EEST (UTC+3)
Kodhe laladan+963 52
GeocodeC4360

Populasiné Al-Hasakah dumadi saka manéka warna golongan ètnis, kaya ta wong Kurdhi, wong Arab, lan wong Suryani uga ana sawenèh wong Armènia.[3][4] Kali Khabur mili ngliwati kutha Al-Hasakah lan wewengkon liyané ing kagubernuran Al-Hasakah.

Kutha Al-Hasakah prenahé 80 kilometres (50 miles) sakidulé kutha Qamishli, tapal watesé Turki. Kali Khabur, anak kali saka Kali Euphrates mili satengahing kutha, downriver saka Ras al-Ayn, kutah tapal wates liyané. Kali Jaghjagh mili marang Kali Khabur ing Al-Hasakah.

Iklim

Iklim ing Al-Hasakah kalebu semi-arid climate (BSh) kanthi mangsa panas sing panas banget lan garing lan mangsa salju sing adhem lan teles.

Dhata iklim Al-Hasakah (1961–1990)
SasiJanFèbMarAprMèiJunJulAguSèpOktNovDhèsTaun
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F)10.7
(51.3)
13.4
(56.1)
17.9
(64.2)
23.6
(74.5)
30.6
(87.1)
36.6
(97.9)
40.2
(104.4)
39.5
(103.1)
35.5
(95.9)
28.2
(82.8)
19.6
(67.3)
12.5
(54.5)
25.7
(78.3)
Rerata per dina °C (°F)5.2
(41.4)
7.4
(45.3)
11.3
(52.3)
16.4
(61.5)
22.6
(72.7)
28.3
(82.9)
31.5
(88.7)
30.4
(86.7)
25.8
(78.4)
19.1
(66.4)
11.7
(53.1)
6.7
(44.1)
18.0
(64.4)
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F)0.6
(33.1)
2.4
(36.3)
4.9
(40.8)
9.3
(48.7)
14.1
(57.4)
19.1
(66.4)
22.4
(72.3)
21.5
(70.7)
16.4
(61.5)
10.8
(51.4)
5.2
(41.4)
2.2
(36)
10.9
(51.6)
Rerata curah udan mm (inches)51.5
(2.028)
41.3
(1.626)
44.1
(1.736)
49.0
(1.929)
18.2
(0.717)
0.5
(0.02)
0.2
(0.008)
0.0
(0)
2.1
(0.083)
16.5
(0.65)
23.3
(0.917)
42.2
(1.661)
288.9
(11.374)
Rerata dina udan (≥ 1.0 mm)7.06.46.66.22.70.20.10.00.12.53.86.241.8
Mean monthly sunshine hours142.6159.6210.8234.0303.8357.0393.7356.5297.0248.0192.0142.63.037,6
Mean daily sunshine hours4.65.76.87.89.811.912.711.59.98.06.44.68.7
Sumber: NOAA[5]

Cacah warga

Démografi

Historical population
YearPop.±%
19427.835—    
198173.426+837.2%
1994119.798+63.2%
2004188.160+57.1%

Ing taun 2004, gunggung cacah warga ing kutha iki ana 188.160 wong. Al-Hasakah dumadi saka golongan étnis sing manéka waran, kaya ta wong Kurdhi, wong Arab lan wong Suryani lan sawenèh wong Arménia.[3][4]

Pasarékatan Bangsa-Bangsa metara yèn pangrodapeksa amarga anané Perang Sipil Suriah uwis ngèngséraké udakara 120.000 wong.[6]

Agama

Ana punjul patang puluh masjid ing kutha iki, uga ana sangang gréja, sing kanggo kagiyatan ngibadah wong Kristen. Katédral Assumption of Mary iku sawijining pamikiran épiskopal saka Syriac Catholic Archeparchy of Al Hasakah-Nisibis, sing gumantung marang Syriac Catholic Patriarch of Antioch.

Dhistrik

Kutha Al-Hasakah kapérang dadi 5 dhistrik, ya iku dhistrik Al-Madinah, Al-Aziziyah, Ghuwayran, Al-Nasra lan Al-Nashwa. Dhistrik-dhistrik mau, banjur kapérang dadi 29 pomahan.[7]

(Ing basa Inggris)

Jeneng

(Ing basa Arab)

Jeneng

Gunggung cacah wargaPomahan (Cacah warga)
Al-Madinahالمدينة30.436Al-Matar al-Shamali (9.396), Center / Al-Wista (6.067), Municipal Stadium / Al-Malaab al-Baladi (5.802), Al-Matar al-Janoubi (4.714), Al-Askari (4.457)
Al-Aziziyahالعزيزية56.123Al-Salehiyah (21,319), Al-Ghazal (11.199), National Hospital / Al-Mashfa al-Watani (11.108), Al-Talaia (4.883), Abou Amshah (4,435), Al-Mufti (3,179)
Ghuwayranغويران34.191Kutha Ulah raga / Al-Madinah al-Riyadiyah (8.418), Al-Thawra (8.180), Al-Taqaddum (7.623), 16 Tishreen (5.595), Al-Zuhour (3.367), Abou Bakr (1.008)
Al-Nasraالناصرة42.070Tell Hajjar (10.343), Al-Kallasah (9.721), Al-Meshirfah (8.074), Al-Qusour (7.672), Al-Beitra (2.423), Al-Mashtal (2.306), Al-Maaishiyah (1.531)
Al-Nashwaالنشوة25.340Al-Rasafah (12.618), Al-Masaken (4.968), Al-Khabour (3..805), Al-Liliyah (2.977), Villas / Al-Villat (972)

Ulah raga

Al-Jazeera SC Hasakah iku klub bal-balan gedhé dhéwé ing kutha iki lan lumrahé main ana ing Stadhion Bassel al-Assad.

Gladri

Rujukan