Wong Suryani

Wong Suryani (Syriac: ܐܫܘܪܝܐ‎), uga diarani Chaldo-Assyrians[1] lan Syriacs[2] (deleng jeneng-jenengé wong Kristen Suryani), yaiku sawijining golongan etnorelijiyus asli Wétan Tengah.[3][4] Akèh-akèhé wong Suryani nuturaké basa Neo-Aramia,[5] kang subpérangané kalebu Lor-Wétan, Tengah, lan Neo-Aramia Kulon, sarta uga basa liyané, gumantung karo nagara kang didunungi.[6] Wong Suryani nganggep padha tumurun saka wong-wong mawa kabudayan tuwa ing Mésopotamia kuna udakara taun 2500 SM. Kabudayan iku minangka salah siji kang tuwa dhéwé sadonya.[7]

Sawijining kulawarga Suryani lagi nggawé mentéga ing Mawana, Persia

Wewengkon kang tanah wutah getihé wong Suryani iku, ing wektu iki minangka pèrangané Irak Lor, Turki Kidul-Wétan, Iran Lor-Kulon lan Suriah Lor-Wétan.[8][9] Akèh-akèhé wis padha ngalih menyang wewengkon liyané kalebu Amérika LorLevant, Ustrali, Éropah, Ruslan lan para Kaukasus sasuwéné abad kapungkur.[10] Émigrasi disebabaké karo kadadéan-kadadéan kaya déne génosidha déning Kakaisaran Ottomansasuwéne Perang Donya I, Rajapati Masal Simélé ing Irak ing taun 1933, Révolusi Iran ing 1979, Niti Al-Ba'ath lan Nasionalisme Arab ing Irak lan Suriah kaya ta kampanyé Al-Anfal kang diayahi Saddam Hussein lan tuwuhing Nagara Islam kang neluk sapérangan gedhé Lebak Niniwé.[11][12]

Wong Suryani akèh-akèhé agamané Kristen, kang pituhu marang tata ngibadah liturgi Kristen ing Suriah Wétan lan kulon.[13] Gréja-gréja kang madegaké tata ibadahé Suriah Wétan kalebu Gréja Suryani Wétan, Gréja Kuna Wétan, lan Gréja Katulik Chaldean, kang umaté akèh-akèhé nuturaké basa pérangan Lor-Wétaning Aramia Wétan. Déné gréja-gréja tata ibadahé Suriah Kulon, yaiku Gréja Ortodoks Suryani lan Gréja Katulik Suryani, akèh-akèhé nuturaké basa pérangan Tengah lan Kulon.

Sing paling anyar, yaiku Perang Irak 2003, lan Perang Sipil Suriah kang wiwit ing taun 2011 uwis ngèngseraké brayan Suryani enggon-enggonan, amarga wong-wongé uwis ngalami panyiya-nyiya étnis lan relijiyus kang ditindakaké karo ékstrimis Muslim. Watara sakyuta wong-wong Irak, utawa luwih, kaya kang dilapuraké déning Pasarékatan Bangsa-Bangsa uwis minggat saka Irak awit panelukan, amèh 40 persèn iku wong-wong Suryani sanajan para Suryani amung nglimputi watara 3 persèn saka demografisé Irak sadurungé perang.[14][15][16] Miturut lapuran 2013 déning panggedhé Motwa, amung ana watara 300.000 wong-wong Suryani kang isih dedunung ana Irak.[17]

Rujukan