Banjir

Banjir utawa Bena ya iku prastawa kang kadadéan minangka miline banyu muntah/luber ana ing daratan kang luwih endek.[1] Pangarahan banjir Uni Éropah ngartekake banjir minangka parendeman sawatara déning banyu ing daratan sawatara lan bisa ngerusak lingkungan sakiteré kang kena bencana.[2] Arti "banyu mili", tembung mau uga bisa diartekake déning pasang laut.Banjir kang diakibatake volume banyu ing sawijining panggonan ya iku ing kali utawa tlaga kang luber utawa njebol bendungan saéngga banyu metu saka bates.[3]

Para pandhudhuk kang ngungsi ing kadadéan banjir ing Jawa. ca. 1865-1876.
Banjir kali cilik amarga udan monsun lan kadadéan ombak sagara kang dhuwur ing Darwin, Northern Territory, Australia.
Banjir cerak Key West, Florida, Amérika Sarekat njalari banjir badai Wilma padha Oktober 2005.
Banjir bandang amarga hujan deras ing nalika.

Ukuran tlaga utawa badan banyu kang tambah utawa surut kacepak déning pagowahan curah udah lan lelehe salju ing mangsane, nanging banjir kang kadadéan ora gedhé minangka banyu kang luber ora kena pamukiman pandhudhuk utawa punjer-punjer kagiyatan kaya ta pasar,terminal lan sekolahan (désa,kutha)

Banjir gedhé

Ing ngisor kapapar pratélan pratélan banjir paling bebaya sadonya kanthi gunggung kamatian kurang luwih 100.000 jiwa.

KamatianPrastawaDumunungTanggal
2.500.000–3.700.000[4]Banjir Cina 1931Cina1931
900.000–2.000.000Banjir Kali Kuning (Huang He) 1887Cina1887
500.000–700.000Banjir Sungai Kuning (Huang He) 1938Cina1938
231.000Kagagalan Bendungan Banqiao akibat Taifun Nina. 86.000 tewas amarga banjir lan 145.000 karena lelara asebab banjir.Cina1975
230.000Tsunami Samodra HindiaIndonésia2004
145.000Banjir Kali Yangtze 1935Cina1935
100.000+Banjir St. Felix, banjir badaiWalanda1530
100.000Banjir Hanoi lan Delta Kali MerahVietnam Lor1971
100.000Banjir Kali Yangtze 1911Cina1911

Uga delengen

  • Kesiagaan bencana
  • Pangendalen banjir ing Walanda
  • Penaksiran risiko banjir
  • Pengarahan banjir
  • Banjir ing Walanda
  • Banjir ing Amérika Sarekat
  • Banjir ing Australia
  • Pratélan banjir
  • Pasang laut badai ing Laut Lor
  • Banjir Chicago, banjir gawéan kang ngelewati punjer kutha Chicago
  • Konsep gelombang banjir

Cathetan sikil

Bahan Wacan

  • O'Connor, Jim E. and John E. Costa. (2004). The World's Largest Floods, Past and Present: Their Causes and Magnitudes [Circular 1254]. Washington, D.C.: U.S. Department of the Interior, U.S. Geological Survey.
  • Thompson, M.T. (1964). Historical Floods in New England [Geological Survey Water-Supply Paper 1779-M]. Washington, D.C.: United States Government Printing Office.
  • Powell, W. Gabe. 2009. Identifying Land Use/Land Cover (LULC) Using National Agriculture Imagery Program (NAIP) Data as a Hydrologic Model Input for Local Flood Plain Management. Applied Research Project. Texas State University – San Marcos. Archived 2012-03-05 at the Wayback Machine.

Pranala njaba