Basa Cempa

Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Campa iku basa sing dianggo wong Cempa ing Asia Kidul-wétan. Sadurungé, basa iki dadi basa Karajan Cempa ing wewengkon Cempa sing kapernah ing tengah Vietnam. Minangka anggota kulawarga basa Malayu-Polinésia sing tumurun saka kulawarga Austronésia, basa iki dicaturaké déning wong 204.000 ing nagara Kamboja lan wong 79.000 ing nagara Viètnam. Panyaturé uga ana ing Thailand lan Malaysia nanging cacahé sithik. Basa liya sing kalebu kulawarga basa Cempa ya iku ana ing Kamboja lan Viètnam (basa Raglai, Rade, Jarai, Chru, lan Haroi), ing Hainan (basa Tsat) lan ing Acèh, Sumatra Lor (basa Acèh).

Cempa
Dituturaké ingKamboja, Viètnam, Thailand, Malaysia, Cina (Pulo Hainan), manéka nagara lumantar imigran
Gunggung panutur320.000
Rumpun basaCithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisanAksara Cempa (Viètnam), Arab (Kamboja)
Status resmi
Basa resmi ingora ana, diakoni minangka basa minoritas ing Kamboja lan Viètnam
Regulated byNo official regulation
Kodhe basa
ISO 639-1None
ISO 639-2
ISO 639-3either:
cja – Cempa Kulon
cjm – Cempa Wétan

Werna-warna dhialèk

Basa Cempa kapérang dadi rong dhialèk pokok, basa Cempa Kulon lan basa Cempa Wétan. Basa Cempa Kulon dicaturaké ing Kamboja lan ing provinsi An Giang lan Tây Ninh ing Viètnam. Basa Cempa Wétan dicaturaké déning wong Cempa pasisir ing provinsi Bình Thuận, Ninh Thuận, lan Đồng Nai ing Viètnam. Rong wewengkon abasa Cempa iki béda géografi lan budayané. Wong Cempa Kulon cacah jiwané luwih akèh tur akèh-akèhé Muslim masiya uga ana sing nggilut agama Buda Térawadha. Aksara sing dianggo wong Cempa Kulon iku aksara Arab utawa aksara Cempa gagrag kulon. Wong Cempa Wétan nggilut agama Islam lan Hindhu lan aksara sing dianggo ya iku aksara Cempa gagrag wétan. Ethnologue mratélakaké manawa rong dhialèk iki wis ora silih sumurup. Tabèl ing ngisor iki meruhi sawenèh conto tembung saka rong warna dhialèk per abad ping 19.[1]

Tembung ing Kamboja Tembung ing Viètnam kidul
swara
anakanœkanẽk
njupuktuktôk
orajvẽijvai
sibilan
siji
satha
slamet saka
kalelep
srongthrong
uyahsarashara
padhasamuhamu
wyanjana pungkasan
abottraptrak
ing ngarep
anapanak
béda lèksikal
pasarpasadarak
sengitamoḥlimuk

Lê et al. (2014:175)[2] mratéla sawatara anak golongan basa Cempa.

  • Cempa Poông ana ing désa Thạnh Hiếu, kampung Phan Hiệp, Dhistrik Bắc Bình, Provinsi Bình Thuận. Wong Cempa Poông ngayahi panguburan lan kremasi kata déné wong Cempa sakiwa-tengené.
  • Chempa Hroi (cacah jiwa 4.000) ana ing Dhistrik Phước Vân ing Provinsi Bình Định, Dhistrik Đồng Xuân ing Provinsi Phú Yên lan Dhistrik Tây Sơn ing Provinsi Bình Định.
  • Chàvà Ku iku wong turunan Malayu-Khmer ing Châu Đốc.

Cathetan

Rujukan

  • Aymonier, Etienne (1889). Grammaire de la langue chame. Imprimerie coloniale. Dibukak ing 2011-05-15.

Pranala njaba