Aksara Arab

Aksara Arab sing kadhangkala ingaran abjad hija'iyah, asal saka aksara Aramaik (saka basa Syria lan Nabatea), ing ngendi abjad Aram ana kamiripan karo abjad Koptik lan Yunani. Katon prabédan panulisan antara Magribi lan Wétan Tengah. Antara liya panulisan aksara qaf lan fa. Ing tlatah Maghribi, aksara qaf lan fa ditulis nganggo titik ing ngisor lan siji titik ing dhuwré.

Aksara

Aksara Arab
هـ
Pégon
ڎڟڮچڠۋۑ
Sajarah · Transliterasi
Sandhangan · hamzah ء
Angka
AksraPocapan
اalif
بba
تta
ثtsa
جjim
حḥa
خkho
دdal
ذdzal
رro
زzay
سsin
شsyin
صṣod
ضḍod
طṭo
ظẓo
ع'ain
غghoin
فfa
قqof
كkaf
لlam
مmim
نnun
وwau
هـha
لاlam alif
hamzah
يya

Dhialèk

"Arab Umum" utawa "Al-'Arabiyyah Al-'Ammiyah" iku basa Arab sing dianggo ing pacelathon sadina-dina ing tlatah Arab, lan béda banget karo Basa Arab tulisan. Prabédan dhialèk paling utama yaiku antara Afrika Lor (Magribi) lan pérangan wétan Tengah (Hijaz). Faktor sing njalari prabédan dhialèk basa Arab yaiku prabawa substrat (basa sing dipigunakaké sadurungé basa Arab teka). Upamané ing tembung yakūn (tegesé "iku"), ing Irak ingaran aku, ing Palestina fih, lan ing Magribi ingaran kayən.

Pratélan dhialèk utama ing Arab:

  • Dhialèk Meṣir مصري: Dianggo déning watarar 76 yuta rakyat Meṣir.
  • Dhialèk Maghribi مغربي: Dianggo déning watara 20 yuta rakyat Afrika Lor.
  • Dhialèk Levantine: Disebut uga Dhialèk Syam. Dianggo ing Syria, Palestina, Lebanon lan Gréja Maronit Siprus.
  • Dhialèk Iraq عراقي: Nduwèni prabédan mirunggan, yaiku prabédan dhialèk ing lor lan kidul Iraq
  • Dhialèk Arab Timur بحريني: Dianggo ing Oman, ing Arab Saudi lan ing Irak pérangan Barat.
  • Dhialèk Lempongan خليجي: Dianggo ing laladan Lempongan, yaiku ing Qatar, Uni Emirat Arab lan Saudi Arabia.

Sauntara dhialèk liya yaiku:

  • Ḥassānīya حساني: Dianggo ing Mauritania lan Sahara Kulon
  • Dhialèk Sudan سوداني: Dianggo ing Sudan lan Chad
  • Dhialèk Ḥijazi حجازي: Dianggo ing laladan kulon lan lor Arab Saudi lan wétan Yordania
  • Dhialèk Najd نجدي: Dianggo ing Najd, Arab Saudi
  • Dhialèk Yamani يمني: Dianggo ing Yaman
  • Dhialèk Andalus أندلسي: Dianggo ing Andalus nganti abad angka 17
  • Dhialèk Sisilia سقلي: Dianggo ing Sisilia
  • Malta

Deleng uga

Pranala njaba