Basa Iban

basa kang dicaturaké déning wong Iban ing Indhonésiya lan Malasiya
Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Iban yaiku basa kang dituturaké déning wong Iban ing laladan Kalimantan Kulon, Indonésia lan Sarawak, Malaysia[1][2]. Basa kang ana ing rong negara iki kalebu ing keluwarga basa Malayik. Wong Iban ing Indonésia dumunung ing Kabupatén Kapuas Hulu, Sanggau, lan Sintang (Kecamatan Sekayam). Teges tembung Iban iki miturut Tjilik Riwut yaiku “wong”. Basa Iban dipandum ing dhialék-dhialék. Miturut Tjilik Riwut ana dhialék Balau, Shang, Saribas, Undup, Kumpang, Sebujau, Seru, Kanowit, Empran, lan Gaat.

Basa Iban
Dituturaké ingMalaysia, Indonésia
WilayahSarawak, Kalimantan Kulon
Gunggung panutur800,000
Rumpun basaCithakan:Infobox Language/genetic2
  • Melayu Polinésia (MP)
    • Melayu Polinésia inti
      • Melayik
        • Ibanik (Melayik Dayak)
          • Proper Ibanik
            • Basa Iban
Kodhe basa
ISO 639-1None
ISO 639-2iba
ISO 639-3iba

Basa Iban isih dienggo ing pasrawungan masarakat ing wates Sarawak lan Kalimantan Kulon. Liyané iku, basa iki uga dienggo ing acara agama, rapat, lan kulawarga. 

Conto basa

Aram kitai belajar jaku Iban, “Ayo kita sinau basa Iban”.

Bilik tinduk nyin beresi, “Senthong iku resik”.

indai mandi ba sungai, “Ibu adus ing kali”.

Ini aku udah parai, “Mbah putriku wis séda”[3].

Rujukan