Carlo Collodi

Carlo Collodi (jeneng péna saka Carlo Lorenzini) ya iku juru ngarang dongèng bocah kang misuwur asesirah Pinokio.[1] Dongèng Pinokio minangka sawijining carita panggula wentah ngenani bonéka kayu kang bisa malih dadi bocah lanang ingaran Pinokio amarga diréwangi déning peri.[2] Pinokio duwé petualangan owah-owahan saka bocah nakal lan seneng ngapusi dadi bocah kang apik lan manut marang wong tuwa.[2] Saliyané dadi juru ngarang dongèng, dhèwèké uga kondhang minangka juru nulis artikel ing ariwarta, buku, lan novèl.[3]Carlo Collodi minangka anak barep saka 10. Bapaké ya iku Domenico Lorenzini, sawijining juru olah-olah, lan Angela Orzali, sawijining juru jait.[3] Saka10 mau, mung wong lima kang dadi wong, salah sijiné ya iku Collodi.[4] Nalika isih cilik, dhèwèké manggon ana ing désa kanthi peparab Collodi nganti dhèwèké rampung saka pamulangan dhasar lan dikirim ana seminari kang suwéné 5 taun.[4] Sawisé lulus saka seminari, dhèwèké nyambut gawé dadi tukang adol buku.[3] Nalika ana owahan unifikasi Itali kawit penyebar, Collodi kang umuré 22 taun dadi jurnalis kang mèlu ngudi mardikaing Itali.[3] Taun 1848, dhèwèké ngadegaké jurnal kang diarani Il Lampione (Diyan) kang macak sindiran-sindiran lan jurnal mau ditutup taun 1849.[3]

Carlo Collodi
PakaryaPenulis, Novelis
GènreBuku anak-anak

Cathetan suku