Faye Wong

Faye Wong (lair ing Beijing, 8 Agustus 1969; umur 54 taun) ya iku penyanyi China, penulis lagu, aktris, lan model, dhèwèké iku ikon populer ning China, Taiwan, Hongkong, Singapore, Malaysia lan Jepang, Dhèwèké marisi bakat seni saka ibuné kang uga dadi penyanyi.[1]kondhang dadi Queen Of Pop ning China.[1]Faye pindah maring Hong Kong nalika umuré 18 taun lan langsung njukut kursus vokal ning kana.[1]

Faye Wong

In concert, Hong Kong, 2011
Jeneng Cina
PinyinWáng Fēi (Mandarin)
JyutpingWong4 Fei1 (Kanton)
AsalHong Kong
Jeneng liyaShirley Wong

Wong4 Zing6 Man4 (Cantonese)
Pakaryansinger-songwriter, actress
GenreC-pop, C-rock, dream pop
Label(s)Cinepoly, EMI, Sony Music
Taun aktif1989–2005, 2010-present
Jeneng pasanganDou Wei (1996–1999)
Li Yapeng, married on 29 July 2005 (&&&&&&&&&&&&&018.&&&&&018 taun, &&&&&&&&&&&&0277.&&&&&0277 dina)
AnakDou Jintong, born on (1997-01-03) 3 Januari 1997 (umur 27)
Li Yan, born on (2006-05-27) 27 Mèi 2006 (umur 17)
Wong tuwaWang Youlin
Xia Guiyin
PengaruhTeresa Teng, The Cranberries, Tori Amos, Cocteau Twins

Guru vokal Faye iku nuli ngenalaké dhèwèké karo Cinepoly Records kang akiréFaye bisa ngerilis 3 album pop mandarin.[1]Ora puas karo prestasiné, Faye nuli mutusaké mangkat maring New York kanggo nggoleki jati dhiriné.[1]Sabaliné saka New York, dhèwèké wiwit nyoba kanggo nglebokaké unsur R'n'B ke ning musik kang dhèwèké tulis.[1]

KARIR

Taun 1994, Faye ngerilis album kang judhulé FAYE WONG.[1]Album iki unik amarga namung migunakaké sampul putih polos.[1]Sataun sawisé iku, Faye ngerilis albumé manèh, album kang dadi album paling apik saka dhèwèké.[1]Albumé mau dijuduli RESTLESS, isiné 10 tetembangan kang 8 saka kabèh tetembangan iku karyané dhéwé.[1]

Faye béda karo artis-artis liyané amarga ora seneng karo publisitas.[1]Dhèwèké uga jarang meluni acara penganugerahan award kang sok dadi piranti kanggo ngundhakaké popularitas.[1]

Sawisé vakum saka karir keartisané nganti pitung taun suwené, Faye Wong nggelar konser solo kanggo muasaké para panggemaré.[1]10 jadwal konser ning Beijing lan Shanghai wis ditetapaké.[1]Tiket konseré enteng deserbu déning para panggemare namung limang menit.[1]

Ning taun 2010, dhèwèké munggah panggung manèh ning acara Spring Festival Gala 2010, acara malam taun anyaré China.[2]katenaran saka Faye, ora ditandhingi, dhèwèké lumebu ning Guinness Book ofWorld Records ddai best-selling penyanyi Canto pop.[2]Dhèwèké jarang metu ning pablik, amarga sibuk karo kagiyatan sosial.[2]Ning taun 2006, dhèwèké lan garwané, Li Yapeng ngadhegaké Smile Angel Foundation,kang mènèhi bantuan kanggo para bocah cacat.[2]

FILMOGRAFI

Déning Faye Wong[1]:

  • 1991 BEYOND'S DIARY
  • 1994 CHUNGKING EXPRESS
  • 2000 OKINAWA RENDEZ-VOUS
  • 2002 CHINESE ODYSSEY 2002
  • 2004 2046
  • 2004 LEAVING ME, LOVING YOU

Cathetan suku