The Cranberries

klompok pamusik rok saka Irlan

The Cranberries
Pratélan latar wuri
SakaBallybricken, Limerick, Irlanda
LabèlXeric, Island, Universal Music Group
Sana jaringanwww.cranberries.com
Grup Band The Cranberries

The Cranberries ya iku band wiwitan saka Irlandia ingkang didamel nalika ing kutha Limerick taun 1989 ingkang kapisan ngagem asem Cranberry Saw Us. Anggota band iki diwiwiwti kaliyan Dolores O'Riordan (Vokal), Noel Hogan (Gitar), Mike Hogan (Bassis), lan Fergal Lawler (Drummer).[1]

The Cranberries banjur gadhah asma ageng rikala 1990-an. Album ingkang kapisan, Everybody Else Is Doing It, So Why Can't We? laris disadè kanthi 5 yuta kopi ing Amérikah Sarékat.[1]

Grup Band The Cranberries

Sajarah

Album Kapisan The Cranberry Saw Us (1989-1992)

Nalika taun 1989, tiyang saduluran Mike (Bass) lan Noel Hogan (Gitar) damel band The Cranberry Saw Us karo drummer Fergal Lawler lan vokalis Naill Quinn, ing kutha alit ing Irlandia, Limerick. Sa Sajeroning damel band, vokalis Quinn medal saka grup band [2] dan manajemen The Cranberries kapingin ngagem vokalis tiyang putri. Dolores O'Riordan banjur kapincut marang iklan ingkang diwigati kaliyan mèdia lan miwiti nulis lirik lan melodi lagu.[3]. Nalika rekaman lagu Linger kanggo album Everybody Else Is Doing It, So Why Can't We? Dolores resmi diangkat.[3]

Nalika Suksès (1993-1995)

Banjur ngentasake single wiwitan ingkang gadhah tajuk Dreams nalika labuh September 1992. The Cranberries rembukan kaliyan manajemen babagan album, Everybody Else is Doing It, So Why Can't We?, nalika Maret 1993. Lagu Linger angsal padosan publik, lan ugi The Cranberries mlébet ing MTV Channel. The Cranberries ugi diparingi chart nomer 1 ing Inggris. Setelah sukses tour Amérika Utara lan Éropah Timur, vokalis O'Riordan mundhut manten kaliyan manajer, Don Burton rikala Juli 1994.[2]

Tindak Menyang Indonésia

Nalika tanggal 23 Juli 2011, The Cranberries manggung ing panggung Java Rock'n Land ing Pasisir Carnaval Ancol.[4] pada pukul 23.00 s/d 00.00 WIB.[5]

Diskografi

Artikel utama: Diskografi The Cranberries
  • Everybody Else Is Doing It, So Why Can't We? (1993)
  • No Need to Argue (1994)
  • To the Faithful Departed (1996)
  • Bury the Hatchet (1999)
  • Wake Up and Smell the Coffee (2001)
  • Roses (2012)
  • Something Else (2017)
  • In the End (2019)

Pranala njaba

Cathetan suku