Henrikh Mkhitaryan

Henrikh Mkhitaryan (lair 21 Januari 1989; umur 35 taun, Armèni: Հենրիխ Մխիթարյան, Cithakan:IPA-hy) inggih punika satunggaling juru main bal-balan prof'esional saking Armenia ingkang main ing posisi glandhang lan samenika main ing klub Manchester United Premier League Inggris lan tim nasional bal Armenia. Saderengipun main ing Manchester United, Mkhitaryan main ing klub Pyunik Yerevan minangka klub pertama, lajeng gabung kaliyan klub Metalurh Donetsk, lan Shakhtar Donetsk.

Henrikh Mkhitaryan
Mkhitaryan wekdal main kanggé Mancester United taun 2017
Katerangan priangga
Jeneng dawaHenrikh Hamleti Mkhitaryan
Tanggal lair (1989-01-21) 21 Januari 1989 (umur 35)
Papan lairYerevan, Armenia
Dhuwur178 m (584 ft)
Posisi mainGlandhang serang
Katerangan klub
Tim saiki
AS Roma
Angka22
Karir nom
1995–2006Pyunik Yerevan
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2006–2009Pyunik70(30)
2009–2010Metalurh Donetsk37(12)
2010–2013Shakhtar Donetsk72(38)
2013–2016Borussia Dortmund90(23)
2016–2018Manchester United15(9)
2018—ssikiAS Roma
Tim nasional
2006–2007Armenia U-175(1)
2007–2008Armenia U-196(1)
2008–2010Armenia U-2113(9)
2007–saikiArmenia61(19)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 11 February 2017.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 11 November 2016

Mkhitaryan dipunjuluki Heno saking para penggemaripun ing Armenia ing wiwitan kariripun [1][2][3] lan ing wekdal samangke pikantuk jejuluk enggal Mücke (teges barès "lemud") déning Bild lan Micki déning para pandemen Borussia Dortmund.[4]

Mangsa Eném

Mkhitaryan dipunlairaken tanggal 22 Januari 1989 saking pasangan Marina Taschian lan Hamlet Mkhitaryan ing ibukutha Armenia, Yerevan.[5] Bapakipun punika striker ingkang misuwur FC Ararat Yerevan ing taun 1980-an, ingkang tilar donya amargi gerah tumor otak ing yuswa 33 taun.[5] Ibunipun dados pangarsaning dhepartemén tim nasional ing Fedherasi Bal Armenia lan mbakyunipun, Monica, nyambet damel ing kantor pusat UEFA.[6]

Rujukan