Jack Wilshere

Jack Andrew Garry Wilshere (/ˈwɪlʃər/; lair 1 Januari 1992) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profèsional saking Inggris ingkang main minangka gelandhang, lan samenika main ing klub West Ham United lan Tim Nasional Bal-balan Inggris.[3]

Jack Wilshere
Wilshere ing klub Arsenal taun 2018
Katerangan priangga
Jeneng dawaJack Andrew Garry Wilshere
Tanggal lair (1992-01-01) 1 Januari 1992 (umur 32)[1]
Papan lairStevenage, Inggris
Dhuwur5 ft 8 in (1.72 m)[2]
Posisi mainMidfielder
Katerangan klub
Tim saiki
West Ham United
Karir nom
2001Luton Town
2001–2008Arsenal
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2008–2018Arsenal116(7)
2010→ Bolton Wanderers (loan)14(1)
2016–2017→ Bournemouth (loan)27(0)
2018-West Ham United
Tim nasional
2006–2007Inggris U162(0)
2007–2009Inggris U179(0)
2009Inggris U191(0)
2009Inggris U217(0)
2010–Inggris34(2)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23:58, 3 January 2018 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 23:58, 3 January 2018 (UTC)

Wilshere ngudi ngèlmu bal ing Akadhemi Bal Arsenal. Amargi penampilanipun ingkang imprèsif, piyambakipun kapilih ing klub enèm, lan damel dhebut kawitan ing taun 2008 ing umur 16 taun, 256 dinten.[4] Wilshere naté kapilih dados juru main enèm ingkang saé piyambak miturut PFA 2010-2011, juru main Arsenal of the year, kapilih déning para pandemen (fans) amargi performanipun ing klub Arsenal taun 2010-2011.[4]

Karir Wilshere ing Tim Nasional Inggris, dipunwiwiti ing U-16, U-17, U-19, lan U-21.[4] Wilshere debut ing tim senior nalika tetandhingan mengsah Tim Nasional Bal-balan Hungaria nalika umuripun 18 taun, 222 dinten, ndadosaken Wilshere peringkat 12 juru main paling eném ingkang mbaeéla tim senior Inggris.[4]

Pranala njawi

Rujukan