Jamie Carragher

tilas juru bal-balan Inggris

James Lee Duncan 'Jamie' Carragher (lair ing Bootle, Merseyside, 28 Januari 1978; umur 46 taun) yaiku salah sijiné mantan juru main bal-balan sing sing ditepang main dadi bèg Liverpool lan tim nasional bal-balan Inggris. Pamain kuwi duwèni dhuwur awak 186 cm lan nduwé 30 tampilan kanggo negarané. Piyambaké selawasé dadi pemain bal amung belani siji klub yaiku Liverpool F.C. lan dadi wakil kapten ngampingi Steven Gerrard. Nganti saiki Carra wis main kanggo Liverpool ping 525 lan gawé 4 gol.

Jamie Carragher
Carragher taun 2012.
Katerangan priangga
Jeneng dawaJames Lee Duncan Carragher[1]
Tanggal lair (1978-01-28) 28 Januari 1978 (umur 46)[2]
Papan lairBootle, Merseyside, England
Dhuwur6 ft 0 in (1.83 m)[3]
Posisi mainDefender
Karir nom
1988–1989Liverpool
Liverpool
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
1996–2013Liverpool508(4)
Gunggung508(4)
Tim nasional
1996–1997Inggris U204(1)
1996–2000Inggris U2127(1)
1999–2010Inggris38(0)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Kariré karo Liverpool diwiwiti Oktober 1996 wektu piyambaké nandatangani karir profèsionalé. Tetandhingan kapisané Carra (jeneng celukané Carragher) diwiwiti wektu tandhing ngelawan Middlesbrough tanggal 8 Januari 1997. Carra dadi pérangané tim Gérard Houllier sing ngéntukné treble-winner ing taun 2001, main ping 58 tetandhingan. Penampilané sing kaping 500 karo Liverpool (ing kabèh ajang) kedadèn nalika tandhing lawan Luton Town ing Piala FA tanggal 15 Januari 2008. Ndèk tetandhingan kuwi Carra dadi kapten.

Cathetan suku