Liverpool F.C.

klompok bal-balan saka kutha Liverpool, Inggris

Liverpool Football Club iku sawijining klub bal-balan Inggris kang wis kaping 6 njuwarani Liga Champions (biyèn Piala Champions) lan kaping 18 njuwarani Liga Inggris (nganti wiwitan Mèi 2019). Kandhangé ana ing Anfield, kang dumunung watara 4,8 km saka punjer kutha Liverpool.

Liverpool
Emblem Liverpool
Jeneng jangkepLiverpool Football Club
PeparabThe Reds
Diadegaké1892
LapanganAnfield, Liverpool
Kapasitas53.394
KetuaJohn W Henry
ManajerJuergen Klopp
LigaLiga Utama Inggris
2022/23Liga Utama Inggris (5.)
Seragam kandang
Seragam tandang

Klub iki diadegaké ing 15 Maret 1892 déning John Houlding, kang duwé Anfield. Houlding mutusaké nggawé tim dhéwé sawisé Everton FC diwetokaké saka Anfield sajeroning pasulayan ngenani béya séwa. Wiwitané klub anyar iku jenengé Everton FC nanging diganti dadi Liverpool FC sawisé Asosiasi Sepak Bola Inggris utawa FA nulak migunakaké jeneng mau.

Liverpool dadi dominan ing taun 1970-an lan 1980-an. Pemain-juru main kang misuwur ing mangsa iku kalebu Ray Clemence, Mark Lawrenson, Graeme Souness, Ian Callaghan, Phil Neal, Kevin Keegan, Alan Hansen, Kenny Dalglish (102 main) lan Ian Rush (346 gol).

Klub iki uga kalibet sajeroning rong tragedi gedhé ing sajarah bal-balan Éropah - ya iku sajeroning tragedi Heysel ing taun 1985 lan musibah Hillsborough ing taun 1989.

Liverpool kasil ngéntukaké minor treble, loro gelar domestik (Piala Liga lan Piala FA) lan Piala UEFA ing mangsa 2000/01. Sanadyan mangkono, ngéntukaké "minor treble" dudu bab kang anyar kanggoné Liverpool. Ing taun 1984 Liverpool dadi juwara Piala Champions, Piala Liga lan Liga Inggris. Sanadyan déning para pendhukungé dianggep wis gayuhh treble, nanging ora diitung minangka raihan treble.

Pemain Liverpool F.C 2008/09

Prèstasi

  • Liga Primèr Inggris 19[1]
    • 1900/01, 1905/06, 1921/22, 1922/23, 1946/47, 1963/64, 1965/66, 1972/73, 1975/76, 1976/77, 1978/79, 1979/80, 1981/82, 1982/83, 1983/84, 1985/86, 1987/88, 1989/90, 2019/20.
  • Juwara Divisi Loro 4
    • 1893/94, 1895/96, 1904/05, 1961/62
  • Juwara Liga Lancashire 1
    • 1892-93
  • Liga Champions 6[1]
    • 1976/77 3-1 vs. Borussia Mönchengladbach
    • 1977/78 1-0 vs. Club Brugge
    • 1980/81 1-0 vs. Real Madrid
    • 1983/84 1-1 (4-2 liwat adu penalti) vs. AS Roma
    • 2004/05 3-3 (3-2 liwat adu penalti) vs. AC Milan
    • 2018/19 0-2 vs. Tottenham Hotspurs
  • Juwara Piala UEFA 3
    • 1972/73, 1975/76, 2000/01
  • Juwara Piala FA 7
    • 1964/65, 1973/74, 1985/86, 1988/89, 1991/92, 2000/2001, 2005/2006
  • Juwara Piala Remaja FA 2
    • 1995/96, 2006/07
  • Juwara Piala Liga 7[1]
    • 1980/81, 1981/82, 1982/83, 1983/84, 1994/95, 2000/01, 2002/03, 2011/12
  • Juwara Community Shield 15
    • 1963/64[2], 1964/65+, 1965/66, 1973/74, 1975/76, 1976/77[2], 1978/79, 1979/80, 1981/82, 1985/86*, 1987/88, 1988/89, 1989/90, 2000/01, 2006/07
  • Juwara Piala Super Éropah 4
    • 1977, 2001, 2005, 2019
  • Juwara Piala Super Inggris 1
    • 1985/86
  • Juwara Divisi Siji kanggo Cadangan 16
    • 1956/57, 1968/69, 1969/70, 1970/71, 1972/73, 1973/74, 1974/75, 1975/76, 1976/77, 1978/79, 1980/81, 1981/82, 1983/84, 1984/85, 1989/90, 1999/2000

Liverpool nggayuh era paling apik wektu isih dibawahi Bill Shankly. Pelatih iki sabanjuré dadi legenda Liverpool. Dhèwèké dikurmati amarga kasil nggawa Liverpool bali menyang divisi siji sawisé sadurungé ing divisi kaloro sajeroning 8 mangsa. Kanggo ngurmati lelabuhané, digawé reca Bill Shankly ing gaoura Anfield.

Tim utama

Per 18 Agustus 2023.[3]

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.

No.Pos.Jeneng
1 GKAlisson Becker
2 DFJoe Gomez
4 DFVirgil van Dijk
5 DFIbrahima Konaté
3 MFWataru Endō
6 MFThiago Alcântara
7 FWLuis Díaz
8 MFDominik Szoboszlai
9 FWDarwin Núñez
10 MFAlexis Mac Allister
11 FWMohamed Salah
13 GKAdrián
17 MFCurtis Jones
No.Pos.Jeneng
18 FWCody Gakpo
19 MFHarvey Elliott
20 FWDiogo Jota
21 DFKostas Tsimikas
26 DFAndrew Robertson
32 DFJoël Matip
43 MFStefan Bajcetic
45 GKMarcelo Pitaluga
47 DFNat Phillips
62 GKCaoimhín Kelleher
66 DFTrent Alexander-Arnold

Pranala njaba

Cathetan

Anggota G-14

Ajax | Arsenal | FC Barcelona | Bayer Leverkusen | Bayern Munich

Borussia Dortmund | PSV Eindhoven | Internazionale | Juventus

Liverpool | Manchester United | AC Milan | Lyon | Marseille

Paris Saint-Germain | FC Porto | Real Madrid | Valencia