John F. Kennedy

John Fitzgerald Kennedy (lair 29 Mèi 1917 ing Brookline, Massachusetts lan tilar donya tanggal 22 November1963 ing Dallas, Texas, Amérika Sarékat), asring dipunsebat kanthi asma John F. Kennedy, Kennedy, John Kennedy, Jack Kennedy, utawi JFK inggih punika Présidhèn Amérika Sarékat ingkang kaping 35. Taun 1960 panjenenganipun dipundadosaken présidhèn Amérika Sarékat, panjenenganipun dados présidhèn Amérika Sarékat ingkang paling enem.[1] John F. Kennedy kalebet présidhèn ingkang paling sakedhap anggènipun dados présidhèn Amérika Sarékat sasampunipun Theodore Roosevelt. Kennedy dados présidhèn sasampunipun dipunlantik tanggal 20 Januari 1961.[1] Jabatan dados présidhèn kandheg amargi panjenenganipun dipunperjaya pejah taun 1963.[1] Panjenenganipun tilar donya amargi katembak nalika taksih wonten kunjungan dhateng praja Dallas, Texas tanggal 22 November 1963.[1] Kennedy rubuh nalika nembé medal saking mobil. Tanggal 25 November 1963, jenazah dipunmakamaken ing Arlington, Washington DC.[1]

John Fitzgerald Kennedy
John F. Kennedy


Masa jabatan
20 Januari 1961 – 22 November 1963
Wakil PresidenLyndon B. Johnson
SadurungéDwight D. Eisenhower
PenggantiLyndon B. Johnson

Masa jabatan
3 Januari 1953 – 22 Dhésèmber 1960
SadurungéHenry Cabot Lodge, Jr.
PenggantiBenjamin A. Smith

Lahir29 Mèi 1917
Brookline, Massachusetts, Amérika Sarékat
MeninggalNovèmber 22, 1963(1963-11-22) (umur 46) 12:30 p.m.
Dallas, Texas, Amérika Sarékat
KebangsaanAmérika
Partai politikDhémokrat
Suami/IstriJacqueline Lee Bouvier Kennedy
AnakArabella, Caroline, John Jr., Patrick
AlmamaterUniversitas Harvard
PekerjaanPenulis
AgamaKatulik Roma
Tanda tanganJohn F. Kennedy's signature

Kennedy punika anggota klan Kennedy ingkang gadhah getih Irlandia-Amérika, salah satunggalipun kulawarga ingkang misuwur ing jagad pulitik ing nagaranipun.[2] Panjenenganipun dipunanggep minagka lambang Liberalisme Amérika.[2] Nalika Perang Dunia II, panjenenganipun dipunalem amargi sampun nylametaken kancanipun ingkang gadhah profesi minangka pelaut ing Samodra Pasifik Kidul.[2] Kennedy makili Massachusetts nalika taun 1947–1960, minangka anggota Dewan Perwakilan lan Senat Amérika Sarékat. Panjenenganipun kapilih dados présidhèn taun 1960 kanthi kamenangan ingkang tipis lan pemilu ingkang paling ketat sadangunipun sajarah Amérika.[2]

Ngantos taun 2005, panjenenganipun dados tiyang pisanan ingkang dados présidhèn Amérika Sarékat ingkang nggebeng agami Katulik Roma minangka agaminipun.[1] Sasampunipun tilar donya amargi diperjaya tanggal 22 November 1963, donya ndhèrèk duka amargi punika.[1]Wonten satunggal panaliten ingkang dipunlaksanakaken déning C-SPAN ingkang ngurutaken présidhèn Amérika Sarékat, satunggalipun panel sejarawan maringi aji John ing posisi kaping kalih saking sekawan dasa présidhèn.[1]

Cathetan suku

Pranala njawi