Lyndon B. Johnson

Lyndon Baines Johnson (lair ing Stonewall, Texas, 27 Agustus 1908 – pati ing Stonewall, Texas, 22 Januari 1973 ing umur 64 taun) kang diparabi LBJ ya iku Présidhèn Amérika Sarékat angka 36 (1963–1969). Sawisé ngléwati salah sijining karir sing dawa ing Kongrès Amérika Sarékat, Johnson njabat minangka Wakil Présidhèn Amérika Sarékat angka 37. Ing taun 1963, panjenengané nggantekaké John F. Kennedy sing tilar donya amarga dipejahi.

Lyndon B. Johnson
Lyndon B. Johnson


Masa jabatan
22 November 1963 – 20 Januari 1969
Wakil PresidenOra ana (1963–1965),
Hubert Humphrey (1965–1969)
SadurungéJohn F. Kennedy
PenggantiRichard Nixon

Wakil Présidhèn Amérika Sarékat ka-37
Masa jabatan
20 Januari 1961 – 22 November 1963
PresidenJohn F. Kennedy
SadurungéRichard Nixon
PenggantiHubert Humphrey

Mangsa jabatan
3 Januari 1949 – 3 Januari 1961
SadurungéW. Lee O'Daniel
PenggantiWilliam Blakley

Lahir27 Agustus 1908
Stonewall, Texas
MeninggalJanuari 22, 1973(1973-01-22) (umur 64)
Stonewall, Texas
KebangsaanAmérikas
Partai politikDhémokrat
Suami/IstriLady Bird Johnson
AnakLynda Bird Johnson Robb
Luci Baines Johnson Turpin
AlmamaterSouthwest Texas State Teachers' College
ProfesiPendidik
AgamaDisciple of Christ
Tanda tanganLyndon B. Johnson's signature

Panjenengané uga pernah njabat Ketua Minoritas Parté Dhémokrat ing Senat. Minangka présidhèn, panjenengané tanggungjawab kanggo pengesahan sapropirané undang-undang sing ambuné liberal, kalebu Gerakan Hak Sipil Amérika taun 1955-1968, Medicare, program "War on Poverty". Kuwi kabèh ènèk ing program Great Society. Kanthi urut, LBJ ngundhakaké wadyabala AS ing Perang Vietnam, saka 16,000 ing taun 1963 dadi 550,000 ing awal 1968, nalika punjul 1000 bala AS mati per wulan. LBJ dipilih manèh ing taun 1964, nanging pencalonané ing taun 1968 gagal minangka kasil gejolak ing njero parténé, banjur panjenengané mbiwara manawa panjenengané ora gelem mèlu pamilihan. Johnson dikenal jembar amarga kapribadian sing sok kuasa lan nyerang para pulitikus utama. Warisané angèl diukur, amarga kemajuan sing digawé ing babagan hak-hak sipil lan program "Great Society", dikisruhaké déning masalah Perang Vietnam.

Amarga nggantekaké Présidhèn Kennedy, ing mangsa kalungguhan kapisan panjenengané ora dikancani déning wakil présidhèn. Salanjuté kapilih nalika nglakokaké mangsa kalungguhan keloro, panjenengané dikancani déning Wakil Présidhèn Hubert H. Humphrey. Garwa saka Lady Bird Johnson iki tilar donya ing peternakan LBJ ing Stonewall, Texas, tanggal 22 Januari 1973.

Rujukan