Kedhokteran

Kedhokteran (Inggris: medicine) iku èlmu lan seni kang nyinaoni lelara lan cara-cara nambani. Èlmu kadhokteran iku cabang èlmu kaséhatan kang nyinaoni cara njaga kaséhatan manungsa lan mbalèkaké manungsa marang kaanan séhat kanthi mènèhi pangobatan marang lelara lan cidera. Èlmu iki nyakup kawruh ngenani sistem awak manungsa lan lelara sarta pangobatané, lan panerapan saka kawruh mau.

Teken Aesculapius, simbul umum kang nglambangaké kadhokteran.

Cawang èlmu kadhokteran

Profesi kadhokteran dituntut supaya mènèhi palayanan kaséhatan kang paling apik, apamanèh saiki cakupan èlmu wis tuwuh ngrembaka. Èlmu kadhokteran untu lan psikologi, sanadyan kerep dipisahaké saka kadhokteran umum, tetep dadi péranganing èlmu kadhokteran.

Dhokter bisa duwé kamampuan spesialisasi (wis nglakoni pendhidhikan lanjut pasca sarjana) lan subspesialisasi kang ingaran minangka dhokter spesialis. Pranatan spesialiasi lan gelaré béda-béda ing saben nagara.

Spesialiasi diagnostik

  • Laboratorium klinik iku layanan diagnostik klinis kang mengaplikasikan tèhnik laboratorium kanggo gawé diagnosis lan manajemen pasien. Ing Amérikah Sarékat, layanan iki dumunung ana ing sangisoré pangawasan seorang patologis (ahli patologi). Wong kang bisa nyambutgawé ing babagan iki ya iku staf kang paham ngenani tèknologi kadhokteran, ing Indonésia Laboratorium patologi iki ana 2:
  1. Patologi klinik
  2. Patologi anatomi
  • Radhiologi konsèntrasi marang pencitraan utawa panggambaran awak manungsa, umpamané nganggo sarana sinar-X, CT-scan, USG (ultrasonografi), tomografi resonansi magnetik nuklir.

Disiplin èlmu pre-klinis

  • Anatomi iku èlmu kang nyinanoni struktur lan organisasi awak manungsa
  • Fisiologi iku èlmu kang nyinaoni fungsi manéka organ lan sistem organ sarta interaksiné sajeroning awak manungsa
  • Biokimia iku èlmu kang nyinanoni prosès-prosès kimia kang dumadi sajeroning awak manungsa
  • Histologi iku èlmu kang nyinanoni struktur mikroskopik lan fungsi jaringan pembentuk lan panyusun organ lan sistem organ sajeroning awak manungsa
  • Farmakologi iku èlmu kang nyinanoni usada, interaksi dan efeké marang awak manungsa
  • Patologi anatomi iku èlmu kang nyinanoni kelainan struktur mikroskopik lan makroskopik manéka organ lan jaringan kang disebabaké lelara utawa prosès lainnya
  • Patologi klinik iku èlmu kang nyinanoni kelainan kang dumadi sajeroning manéka fungsi organ utawa sistem organ
  • Parasitologi iku èlmu kang nyinanoni lelara-lelara kang disebabaké parasit
  • Mikrobiologi iku èlmu kang nyinanoni lelara-lelara kang disebabaké mikroba

Disiplin èlmu klinis

  • Anestesiologi iku disiplin èlmu kang nyinaoni panggunaan anestesi.
  • Dermatologi iku èlmu kang nyinaoni kulit lan panyakité. Ing Inggris, dermatologi iku subspesialis saka kadhokteran umum. Ing Indonésia, spesialisasi iki digabungaké karo èlmu lelara kelamin. Dhokter kanthi spesialisasi iki diwènèhi gelar SpKK (Spesialisasi Kulit lan Kelamin).
  • Kedharuratan mèdhis iku èlmu kang musataké marang diagnosis lan parawatan saka lelara akut kaya trauma. Èlmu iki uga magepokan karo èlmu bedhah, pediatri, lan liyané.
  • Kedhokteran umum utawa kadhokteran kulawarga nangani pitulung pisanan kanggo pasien kanthi masalah darurat, mantau lan mbina pasien kanthi masalah kronis. Dhokter kulawarga lumrahé bisa nangani 90% saka masalah kaséhatan kulawarga (anak, diwasa, manula priya lan wanita) tanpa kudu ngarujuk menyang dhokter spesialis, masalah akut lan kronis(lelara njaba (kulit, THT, mata lll), lan lelara jero (jantung, paru lll)). Ing Amérikah Sarékat, dhokter kang kagolong generalis nyakup, pediatri: masalah bocah, internis(ahli Lelara njero): diwasa, Family physician (Dhokter kulawarga): kanggo kabèh golongan umur.
  • Èlmu lelara njero munjer marang masalah lelara sistemik mligi ing pasien diwasa kaya masalah lelara kang bis ngrusak awak sakabèhané. Èlmu iki akèh nurunaké subspesialis: (Ora kabèh spesialisasi iki ana ing Indonésia, pirsani artikel dhokter spesialis)
  • Neurologi iku èlmu kang nyinaoni lelara saraf. Ing Inggris, spesialisasi iki ana ing sangisoré kadhokteran umum.
  • Obstetrik lan ginekologi (ing kalangan dhokter kerep dicekak obsgin). Sajeroning basa Indonésia ingaran èlmu kabidanan lan lelara kandhungan. Masalah obat reprodhuksi lan obat kasuburan kanthi umum ditangani déning spesialis ginekologi.
  • Perawatan panenangan pasien iku cabang anyar saka èlmu kadhokteran kang nangani perawatan lan pawèwèh panjurung émosional pasien kanthi lelara kang parah kaya kanker lan gagal jantung.
  • Pediatri iku èlmu kang nyinaoni masalah lelara ing bayi lan bocah. Kayadéné ing èlmu lelara jero, disiplin iki duwé akèh subspesialis kaya babagan kardiologi, endokrinologi, gastroenterologi, hematologi, onkologi, oftalmologi, lan neonatologi.
  • Kuping Irung Tenggorok Bedhah Sirah Gulu (THT-KL): èlmu kadhokteran kang nyinaoni kaséhatan kuping, pangrungu, kaseimbangan, irung, pernafasan, tenggorok, kelainan swara, gangguan nelan, lan anané tumor ing laladan gulu lan rai.
  • Kedhokteran rehabilitasi mèdhis utawa ingaran uga fisiatri nyinaoni perbaikan fungsional awak saka cidera utawa kelainan kongenital.
  • Kedhokteran preventif iku cabang saka èlmu kadhokteran kang munjer marang pancegahan lelara.
  • Psikiatri utawa èlmu kadhokteran jiwa.
  • Terapi radhiasi musataké marang panggunaan radhiasi kanggo terapi.
  • Radhiologi nyinaoni interpretasi saka pencitraan mèdhis saka manéka medhia kaya sinar X. Ing Indonésia, dhokter kanthi spesialiasi radhiologi diwènèhi gelar SpRad.
  • Spesialisasi bedhah nyinaoni èlmu bedhah. Èlmu iki duwé cawang spesialisasi kaya bedhah ortopedik, bedhah urologi, bedhah saraf lsp.
  • Èlmu kadhokteran miturut gènder, nyinaoni sisih prabédan biologi lan fisiologi saka jinis kelamin lan pengaruhé marang lelara.

Cakupan antardisiplin

Èlmu kadhokteran uga mrèmbèt menyang babagan liya. sawatara babagan durung kaloka ing Indonésia.

  • Bioetika iku èlmu kang nyinaoni gayutan biologi, sains, kaséhatan, etika, filsafat, lan téyologi.
  • Farmakologi klinis nyinaoni gayutan interaksi antara obat lan awak pasien.
  • Informatika kadhokteran ngubungaké donya kadhokteran karo donya teknologi informasi.
  • Kedhokteran dirgantara nyinaoni kaséhatan kang magepokan karo penerbangan lan lelungan liwat udara.
  • Kedhokteran evolusioner iku èlmu kadhokteran kang dikaitaké karo téyori evolusi.
  • Kedhokteran forensik nyinaoni èlmu kadhokteran kang magepokan karo masalah ukum kaya nemtokaké wektu lan jalaran matiné sawenèh wong sajeroning kasus kriminal.
  • Kedhokteran konservasi iku èlmu kang magepokan karo kaséhatan manungsa lan kéwan sarta kondhisi lingkungan. Disebut uga minangka kadhokteran ekologis utawa kadhokteran lingkungan.
  • Kedhokteran ulah raga nangani kaséhatan para ulah ragawan.
  • Kedhokteran selam mbahas bab kang magepokan masalah kaséhatan sajeroning panyileman.
  • Nosologi iku pérangan pengelompokan lelara untuk tujuan tertentu.
  • Teknik biomedis nyinaoni aplikasi prinsip teknis kanggo praktèk kadhokteran.

Pranala njaba