Psikiatri
Psikiatri iku cawang èlmu kadhokteran sing nyinaoni aspèk kaséhatan jiwa sarta prabawa timbal balik marang fungsi-fungsi fisiologis organo-biologis awak manungsa. Minangka sawijining cawang èlmu kadhokteran, èlmu psikiatri ora madeg dhéwé, nanging tansah kolaborasi lan kabèh aspèké tansah magepokan karo cawang-cawang èlmu kadhokteran liyané, umpamané karo cawang èlmu saraf (Neurologi) lan èlmu lelara njero (Internal Medicine).
Èlmu psikiatri dibangun ing 4 fondasi dhasar, yaiku:
- Dhimènsi Organo-biologis yaiku aspèk kawruh ngenani organ-organ awak sarta fungsi fisiologis awak manungsa khususnya sing berkaitan langsung dengan aspèk kaséhatan jiwa (seperti Sistem Susunan Saraf Pusat)
- Dhimènsi Psiko-edukatif yaiku aspèk kawruh ngenani perkembangan psikologis manungsa sarta prabawa pendidikan-pengajaran marang manungsa wiwit lair nganti tuwa.
- Dhimènsi Sosial-Lingkungan yaiku aspèk kawruh ngenani prabawa kondisi sosial-budaya sarta kondisi lingkungan kauripan marang derajat kaséhatan jiwa manungsa.
- Dhimènsi Spiritual-Religius yaiku aspèk kawruh ngenani prabawa taraf penghayatan lan pengamalan aji-aji spiritual-religius marang derajat kaséhatan jiwa manungsa.
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra