Manchester City F.C.

klompok bal-balan saka Inggris

Manchester City Football Club yaiku salah siji klub bal-balan profésional Inggris kang main ing Liga Premier Inggris. Klub iki manggon ana ing kutha kang padha karo klub Manchester United, kang nduwé markas ing stadion City of Manchester, Manchester.[2] Manchester City nglakoni bal-balan resmi kang pisanan ing sasi Novèmber taun 1880.[3] Nalika iku jenenge isih St Mark's (West Gorton).[3] Taun 1887 banjur ganti dadi Ardwick A.F.C, lan ing taun 1894 dadi Manchester City F.C.. The City wis tau dadi juwara liga kaping loro, Piyala FA kaping papat, Piyala Liga kaping loro lan Piyala Winners Éropah sapisan.[3] Periode paling suksès saka klub iki yaiku nalika ana ing pungkasan taun 1960an lan wiwitan taun 1970an.[3] Nalika jaman semana manager saka Manchester City yaiku Joe Mercer lan diasistèni déning Malcolm Allison.[3] Pemain city ing jaman semana kaya Colin Bell, Mike Summerbee lan Francis Lee.[3] Taun 2007 klub iki dituku déning milyarder saka Thailand k uga dadi Mahamantri Thailand, Thaksin Shinawatra, kang ndadèkaké klub iki dadi salah siji klub Inggris kang dikuwasani déning asing.[3] Taun 2008 The City banjur dituku déning Abu Dhabi United Group.[3] Manchester City dadi jawara Liga Inggris taun 2012.[4]

Manchester City
A crest depicting a shield with a eagle behind it. ON the shield is a picture of a ship, the initials M.C.F.C. and three diagonal stripes. Below the shield is a ribbon with the sesanti "Superbia in Proelia". Above the eagle are three stars.
Jeneng dawaManchester City Football Club
ParabanCity, The Citizens, The Blues
Yasa1880 as St Mark's (West Gorton)
SetadhiyonCity of Manchester Stadium
Momotan47,726[1]
BakuSheikh Mansour bin Zayed Al Nahyan
MantriGarry Cook
MènèjerJosèp Guardiola
LigaLiga Utama Inggris
2021–22Liga Utama Inggris, ke-1
Sana jaringanKaca tepas klub
A light blue shirt, white shorts, and light blue socks with maroon tops
Kandhang
Njaban
Katelu
Current season
Stadhion City of Manchèster Kandhang MCFC

Lambang lan warna klub

Seragam kandhang saka Manchester City yaiku warna Biru Langit lan clana Putih.[3] Déné seragam nalika main tandhang yaiku Abang Marun, utawa abang (wiwit taun 1960an) lan Clana ireng.[3] Nanging saiki kadhang-kadhang City uga nganggo warna kostum kang béda.[3] Asal-usul warna seragam kandhang klub ora jelas nanging bukti kang ana yaiku klub wis nganggo warna biru langit wiwit taun 1892 utawa sadurungé.[3]

Pemain[3]

Skuat utama

Per 17 Agustus 2022.[5]

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain sarjuk karo peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwh saka siji kawarganegaraan.

No.Pos.Jeneng
2 DFKyle Walker
3 DFRúben Dias
4 MFKalvin Phillips
5 DFJohn Stones
6 DFNathan Aké
7 DFJoão Cancelo
8 MFİlkay Gündoğan
9 FWErling Haaland
10 MFJack Grealish
14 DFAymeric Laporte
16 MFRodri
No.Pos.Jeneng
17 MFKevin De Bruyne
18 GKStefan Ortega
19 FWJulián Álvarez
20 MFBernardo Silva
21 DFSergio Gómez
26 FWRiyad Mahrez
31 GKEderson
33 GKScott Carson
47 MFPhil Foden
80 MFCole Palmer
82 DFRico Lewis

Cathetan suku