Kuba

Républik Kuba dumadi saka Pulo Kuba (pulo gedhé dhéwé ing Kapuloan Antilles Gedhé), Pulo Pemuda lan sawatara pulo cilik ing saubengé. Jeneng "Kuba" kabaré asal saka tembung sajeroning basa Taíno, cubanacán, kang tegesé 'panggonan kang sentral'.

República de Cuba
Gendéraning Kuba
Gendéra
Motto: Patria y Libertad
(Spanyol: "Tanah air dan Kemerdekaan")
Gunagita: La Bayamesa
Dunungpenering Kuba
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Havana
JawatbasaSpanyol
PapréntahanNagara kuminis
Kemerdekaan
• Banyu (%)
dapat dihiraukan
Population
• Pikira-kira 2006
11.217.1000 (70)
• Cacahjiwa 2002
11.177.743
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$33,92 miliar (88)
• Saben wong
US$3.000 (126)
ArtacihnaPeso (CUP),
Peso convertible 1 (CUC)
Laladan wektuUTC-5
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC-4
Kodhé bèl53
TLD internèt.cu
1. Sebelum diganti dengan peso convertible, Dolar AS digunakan bersama peso sejak 1993 hingga 2004.

Nagara iki dumunung ana ing Karibia Lor, ana ing partemon Sagara Karibia, Lempongan Meksiko lan Samodra Atlantik. Ing sisih wétan-lor Kuba-udakara 144 km-dumunung Praja Florida, Amérika Sarékat, lan Bahama. Ing sisih wétane dumunung Kapuloan Turks lan Caicos sarta Haiti, sawatara ing sisih kulon dumunung nagara Meksiko. Kapuloan Cayman lan Jamaika ana ing sisih kidul saka pucuk wétané Kuba. Yèn dibandingaké karo Indonésia, jembaré Kuba kira-kira luwih cilik tinimbang jembaré Pulo Jawa.

Kuba minangka nagara penghasil gula gedhé dhéwé ing donya sawisé Brasil. Sanajan gula minangka kasil utama ya iku 85% saka ekspor Kuba, nanging sing ndunungi dhéwé isih dadi konsumèn gula gedhé dhéwé sawisè Costa Rica.

Pamérangan admiistratif

Artikel utama: Provinsi Kuba

Kuba dipérang dadi 14 provinsi lan siji munisipalitas mirunggan (Pulo Pemuda-Isla de la Juventud). Wiwitan abad angka 20, Kuba mung dipérang dadi 6 provinsi. Pamérangan administratif wektu iki mèmper provinsi-provinsi militèr Spanyol samangsa Perang Kamardikan Kuba.

1Isla de la Juventud (Pulo Pemuda)
2Pinar del Río9Ciego de Ávila
3La Habana (Havana)10Camagüey
4Ciudad de la Habana (Kutha Havana)11Las Tunas
5Matanzas12Granma
6Cienfuegos13Holguín
7Villa Clara14Santiago de Cuba
8Sancti Spíritus15Guantánamo

Uga delengen

  • Pratélan nagara
  • Pratélan nagara miturut bawana
  • Pratélan lagu kabangsan

Pranala njaba