La Défense

La Défense ya iku siji distrik bisnis gedhé ing kutha Paris (Basa Prancis: "Ville de Paris") lan kang gedhé dhéwé ana ing Éropah,[1] mbatesi Neuilly-sur-Seine, pérangan kulon kutha.[1] Distrik iki yaiki siji distrik bisnis utama ana ing Éropah.[1] Papane ana ing dalan tol kang ngubengi commune Nanterre, Courbevoie lan Puteaux ing département Hauts-de-Seine.[1] Distrik iki manggon ana ing Sumbu Bersejarah Paris paling kulon (sakiwa-tengené 10 km), kang ndhisike ana ing Louvre ing Pusat Kutha Paris lan nglintasi Champs-Élysées lan Arc de Triomphe.[1]Ana ing Grande Arche dhuwure 100m lan esplanade ("le Parvis"), ana ing distrik iki ana yasan paling dhuwur ing area urban Paris: ambané ya iku 77.5 hèktar, 72 yasan saka kaca-lan-wesi kalebu ana ing kono ya iku yasan kang sakndhuwure 150 m, 150 000 pekerja padinan lan 3.5 yuta mèter pasagi perkantoran.[1] La Défense ya iku distrik gedhé dhéwé ing eropah kang diyasa mirunggan kanggo kepantingan bisnis.[1]La Défense dijenengi kanggo reca La Défense de Paris, kang digawé nalika taun 1883 kanggo mèngeti prajurit kang wis mempertahanke Paris ana ing Perang Franco-Prussia.[2] Jeneng area iki kadang-kadang njalari kadadéan kekacauan ing antarané pengunjung, kang sok nganggep La Défense kaya jinis zona militèr.[2]

La Défense
Sovereign stateFrance
RégionÎle-de-France
DépartementHauts-de-Seine
Boroughs
Laladan
 • Gunggung14 km2 (5 sq mi)
Cacah warga (2006)
 • Gunggung20,000
Zona wektuUTC+01:00
Situs wèbparisladefense.com
La Défense, nghadep marang Arc de Triomphe.

Yasan kang direncanakake

NamaPanggangoTinggiTingkatCommune
(kotamadya)
Katrangan
mètersikil
Hermitage Plazaperkantoran32393CourbevoieDisarujuki
The Linkperkantoran24152PuteauxSajeroning konstruksi
Tour Firstperkantoran22572861CourbevoieTemen maujud
Tour Heklaperkantoran22072149PuteauxSajeroning konstruksi
Tour des Jardins de l'Archeperkantoran20667553NanterreSajeroning konstruksi
Tour Majungaperkantoran195640-PuteauxTemen maujud
Tour D2perkantoran175574-CourbevoieTemen maujud
Hôtel Meliá Paris La Défenseperkantoran87285-CourbevoieTemen maujud

Cathetan suku