Laptop

komputer pribadi hotspot foldable kanggo nggunakake seluler
   

Laptop uga ditepungi minangka notebook utawa netbook, ya iku komputer jinjing kang bisa digawa menyang ngendi-endi kanthi gampang.[1] Laptop iku kalebu komputer génerasi IV.[1] Laptop iku komputer pribadi kang ukurané rada cilik, bisa digawa menyang ngendi-endi lan bisa dipangku nalika dianggo, kasusun saka saprangkat kaya ta papan tombol, layar, mikroprosessor, lan padatan dijangkepi karo batere kang bisa diisi manèh.[2]Laptop nduwé komponèn-komponèn kang dirancang mirunggan.[3] Komponèn-komponèné béda saka komputer pribadi (PC).[3]Komponèn kang nyusun laptop iku ukurané cilik, irit ènèrgi, lan èfisièn.[3]Laptop boboté kurang luwih 1–6 kg.[2]Sumber listrik kang dianggo laptop iku saka batere utawa A/C adaptor kang bisa dianggo kanggo ngurubaké laptop iku dewe.[2]Bateré laptop lumrahé bisa kuwat nganti 6 jam.[2]Padatan laptop nganggo layar LCD (Liqiud Crystal Display) kang ukurane 10 inci nganti tekan 17 inci.[1]Saliyané iku papan ketike (keyboard) uga dijangkepi karo touchpad sing gunané kanggo ngobahake mouse.[2]Padatan laptop gedhé kaya notebook, kandelé antarané 0,7-1,5 inci utawa 18–38 mm lan alang-ujur wiwit 10x8 inci utawa 27x22 cm.[2] Kang mbedakake antara notebook lan netbook ya iku netbook duwé output device sing winates, uga padatan ora duwé optical drive.[4]

Laptop, komputer jinjing kang bisa digawa ing ngendi-endi.
Tuladha ngginakaké laptop kanggé présentasi.

Cathetan suku