Nagara-nagara Nordik

Nagara-nagara Nordik dumunung ing Éropa Lor sing diarani Tlatah Nordik, dumadi saka Dhénemarken, Finlan, Èslan, Nurwègen lan Swèdhen lan teritori kang magepokan kaya Kapuloan Pharur, Grunlan lan Åland. Ing sadina-dina istilah Skandinavia kadhangkala minangka sinonim tumrap nagara-nagara Nordic.[1]

Peta pulitik nagara-nagara Nordik lan tlatah saubengé.

Kronologi nagara-nagara Nordic

AbadEntitas Pulitik Nordik
21stDhénemarken (UE)Pharurs (Dhénemarken)ÈslanNurwègenSwèdhen (UE)Finlan (UE)
20thDhénemarkenSwèdhenFinlan
19thDhénemarkenUni Swèdhen lan Nurwègen (uni personal)Ruslan (GD Finlan)
18thDhénemarken-Nurwègen (Uni personal)Swèdhen
(utawa Swèdhen-Finlan)
17th
16th
15thUni Kalmar
14thDhénemarkenNurwègenSwèdhen
13th
12thPharursIslandik CWNurwègen
Wong NordikDanesPharurseWong ÈslanWong NurwègenWong SwèdhenWong Finlan

Gendéra lan simbul

Gendéra

Kabèh nagara-nagara Nordik, kalebu teritori otonom Kapuloan Pharur lan Kapuloan Åland, duwé désain gendéra kang padha, kabèh migunakaké dhasar Dannebrog, gendéra Dhénemarken, awujud palang sing punjeré ora dumunung ing tengah (off-center) kapara luwih cedhak marang cagak gendérané, kang diarani palang Nordik (Nordic cross).

DhénemarkenKapuloan PharurFinlanÈslanNurwègenSwèdhenKapuloan Åland
Gendéra Nordik

Lemah Ijo lan WongSami uga nyonto gendéra iki mung tanpa palang Nordik, nanging diganti bunderan kang punjeré uga ora dumunung ing tengah.

Lemah Ijo (Grunlan)Wong Sami

Populasi

Populasi nagara-nagara Nordik.

1. Swèdhen-9,142,817
2. Dhénemarken-5,470,919
3. Finlan-5,309,000 (including Åland with a population of 27,000)
4. Nurwègen-4,770,000
5. Èslan-316,252
6. Grunlan-57,100
7. Kapuloan Pharur-48,317

Uga delengen

Pranala njaba