Otto saking Yunani

Otto Friedrich Ludwig (basa Yunani: Όθων, Óthon; 1 Juni 1815 – 26 Juli 1867) yaiku sawijining pangéran saka Bayern kang dadi ratu Grikenlan utawa Yunani kang wiwitan saka tanggal 27 Méi 1832, nganti dijabut panguwasané ing tanggal 23 Oktober 1862.

Otto jumeneng nata nalika cilik. Mula iku, pamaréntahé diwakilaké marang telung bupati asal Bayern kang mèlu menyang Grikenlan. Ananging, nalika Otto wis dhiwasa, telung bupati mau dijabut pakaryané amarga ora disenengi para kawula, banjur dadi ratu dhéwé. Pungkasané, amarga saka panyuwunan, malah uga révolusi rakyat lan uga militèr, Otto dipeksa nyarujuki dianggite konstitusi, ing taun 1843.

Sasuwéné jaman pamrentahane, Otto ora bisa ngundhakaké ékonomi Grikenlan lan ngadhegaké urusan njaban nagari ing pulitik Grikenlan. Nalika taun 1862, Otto diusir saka Grikenlan. Panjenengané séda ing Bayern, nalika taun 1867.

Lukisan Otto saka Grikenlan