Otto von Habsburg
Otto von Habsburg saking Austria, asma resminipun awit 1919 inggih punika Otto Habsburg-Lothringen.[1] Otto naté manggèn ing Austria, nanging sampun boten malih amargi ing taun 1918 an dados warga nagari ing pinten-pinten nagari, asma resminipun inggih punika Otto van Hansburg, asma lairipun: Franz Joseph Otto Robert Maria Anton Karl Max Heinrich Sixtus Xavier Felix Renatus Ludwig Gaetan Pius Ignatius lair 20 Novèmber 1912 – pati 4 Juli 2011 ing umur 98 taun ugi dipunmangertosi gadhah asma kraton inggih punika Adipati Agung Otto dari Ostenrik inggih punika pangeran makutha ingkang pungkasan saking praja Austria-Hongaria awit taun 1916 ngantos pambubaranipun kakaisaran punika ing taun 1918, satunggalipun kakaisaran ingkang sapunika dados wewengkon Austria, Hongaria, Bosnia, Hezegovina, Kroasia, Républik Ceko, Slowakia, Slovénia, lan sepalih Italia, Montenegro, Polandia, Rumania, Serbia, lan Ukraina.[2] Panjenenganipun punika pandheganipun Wangsa Habsburg antawisipun taun 1922 lan 2007, lan ing wekdal ingkang sami dados Putra Makutha Habsburg.[2]Minangka puta pungkasan saking palakraminipun Karl I saking Austria, Kaisar Austria lan Raja Hongaria ingkang pungkasan, saking garwanipun ingkang asma Zita saking Bourbon-Parma, Otto dipunlairaken ing urutan kaping tiga dados ahli waris makutha, lan amargi ramanipun dados tetunggulipun keprabon ing taun 1916, Otto dipundadosaken pewaris makutha ingkang salajengipun.[2]
Gusti Pangeran Otto von Habsburg | |
---|---|
Pangeran Makutha Ostenrik, Honggari, Kroasia lan Bohemia | |
Pandhuwur Wangsa Habsburg | |
Panjenengan | 1 April 1922 – 1 Januari 2007 |
Leluhur | GKS Charles I saking Ostenrik |
Panerus | Karl von Habsburg |
Lair | Reichenau an der Rax, Ostenrik-Honggari | 20 Novèmber 1912
Surud | 4 Juli 2011 Pöcking, Jerman | (umur 98)
Garini | Putri Regina saking Saxe-Meiningen (1951–2010) |
Putra | Andrea von Habsburg Monika von Habsburg Michaela von Habsburg Gabriela von Habsburg Walburga von Habsburg Karl von Habsburg Georg von Habsburg |
Wangsa | Wangsa Habsburg-Lorraine |
Bapa | GKS Charles I saking Ostenrik |
Ibu | Kaisarina Zita saking Bourbon-Parma |
Tapak tangan |
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Otto von Habsburg-Lothringen. |
Habsburg: Last heir to Austro-Hungarian empire dies