Parasite (filem 2019)

filem 2019

Parasite (Hangul기생충; RR: Gisaengchung) inggih punika sesirah filem komedi saking Koréa Kidul taun 2019. Filem punika kaarahaken déning Bong Joon-ho. Juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani antawisipun Song Kang-ho, Lee Sun-kyun, Cho Yeo-jeong, Choi Woo-shik lan Park So-dam. Filem kasil nglantaraken nampi bebungah Palme d'Or ing Festival Film Cannes 2019 lan dados filem kapisan saking Korea Kidul ingkang nampi bebungah.[4]

Parasite
Barkas:Parasite (2019 film).jpg
Poster bioskop
Hangul기생충
Romanisasi RévisiGisaengchung
DisutradaraniBong Joon-ho
DiprodhuseriBong Joon-ho
Kwak Sin-ae
Jang Young-hwan
Ditulis déningBong Joon-ho
Han Jin-won
DibintangiSong Kang-ho
Lee Sun-kyun
Cho Yeo-jeong
Choi Woo-shik
Park So-dam
DimusikiJung Jae-il
SinématografiHong Kyung-pyo[1]
Dibesut déningYang Jin-mo
Perusahaan
prodhuksi
Barunson E&A Corp
Dibabar déningCJ Entertainment
Tanggal metu
Suwéné
132 menit[2]
NagaraKorea Selatan
BasaKorea
RantamanCithakan:KRW[3]
(roughly US$11.8 million)

Juru paraga

  • Song Kang-ho - Ki-taek
  • Lee Sun-kyun - Mr. Park
  • Cho Yeo-jeong - Yeon-kyo, sémahipun Mr. Park
  • Choi Woo-shik - Ki-woo, putra Ki-taek
  • Park So-dam - Ki-jung, putri Ki-taek
  • Jang Hye-jin - Chung-sook
  • Lee Jung-eun - Moon-gwang
  • Jung Ziso - Da-hye
  • Jung Hyeon-jun - Da-song
  • Park Seo-joon - réncangipun Ki-woo dan manten guru les keluarga Park[5]

Pandamelan

Pamundhutan gambar kawiwitan ing surya 18 Mei 2018.[6][7] Pamundhutan gambar utama kalaksanan 77 dinten, dumugi surya 19 Sèptèmber 2018.[8]

Pambabaran

Filem katepangaken kaping pisan nalika adicara Festival Film Cannes 2019 surya 21 Mei[9] lan badhé kababar ing Korea Kidul ing surya 30 Mei 2019.[2][8]

Neon numbas hak pangeduman filem punika kagem pamirsa Amerika Lor ing adicara American Film Market (AFM) 2018.[10][11] Hak pangeduman punika ugi dipunsadé wonten Jerman (Koch Films), Prancis (The Jokers Films), lan Jepang (Bitters End).[12]

Pangalembana juru kritik

Rotten Tomatoes maringi biji 96% adhedhasar saking 27 pambiji, kanthi rata-rata 8,4/10.[13] Metacritic maringi biji 87 saking 100 adhedhasar 15 pangulas.[14]

Bebungah

PasanggiriTiti WanciKategoriPanampiKasil
Festival Film Cannes14–25 Mei 2019Palme d'OrBong Joon-hoMenang
Sydney Film Festival5-16 Juni 2019Best FilmParasiteMenang[15]

Rujukan

Pranala njawi