Racun

Racun bisa awujud zat padat, cair, utawa gas, kang bisa ngganggu uripé sél kang ana ing sawijining organisme.[1] Zat racun bisa lumebu ana ing njero awak. Yoiku liwat oral (mulut) lan uga topikal (lumah tubuh).[1] Gandhengane karo ngèlmu biologi, racun ya iku zat kang bisa nyebabake luka, lara, lan mati organisme, racaké ana reaksi kimia utawa aktivitas liyané ing skala molekul.[1] Bapak Toksikologi, Paracelsus, nyebutna yèn kabèh iku racun lan ora ana kang ora nganggo racun.[1] Dosis kang ndadèkaké prakara mau ora dadi racun (Dosis solum facit venum).[1]

Simbol bahan beracun

Terminologi

Racun duwé arti padha karo tembung toksin lan bisa, nanging maksud béda-béda.[1] tembung "toksin" tegesé racun kang diasilke saka prosès biologi, utawa karan biotoksin.[1] Bisa tegesé cuwèran kang mengandung racun kang diasilke déning kéwan nalika prosès jaga awak utawa nyerang kéwan liyané nganggo cokotane.[1]

Klasifikasi

Ana ing buku forensik medis kang ditulis déning JL Casper, racun dibédakaké dadi 5 golongan, ya iku:

  1. Racun iritan, ya iku racun kang bisa nyebabake iritasi lan radang, tuladhané asem mineral, fungi beracun, lan preparasi arsenik.[2]
  2. Racun kang nyebabke hiperemia, racun narkotik, kang akibate bisa fatal ing polo, paru-paru, lan jantung.[2] Tuladha opium, tembakau, konium, dogitalis, lsp.[2]
  3. Racun kang nglumpuhake saraf, ngracuni darah, organ pusat saraf bisa lumpuh lan lan nyebabke wong bisa mati.[2] Tuladha asem hidrosianat, sianida seng, lan kloroform.[2]
  4. Racun kang nyebakake marasmus, racaké sipaté kronis lan alon-alon bisa ndadèkaké fatal kanggo keséhatan.[2] Tuladha: bismut putih, beluk timbal, merkuri, lan arsenik.[2]

Penawar racun

Penawar racun iku obat kang bisa nglawan èfèk saka racun.[3] Sawetara penawar racun kang kerrep dianggo ya iku:

RacunPenawar
AsetominofenNAC(N-asetilsistein).[4]
AntikolinergikFisostigmin
Antikoagulan (warfarin/coumadin, heparin)Vitamin K1, protamin.
BenzodiazepinaPerawatan pendukung, flumazenil
BotulismeAntitoksin botulinum
Penyekat betaGlukagon
Penyekat saluran kanal kalsiumKalsium, Glukagon
KolinergikAtropin, Pralodixime dalam organofosfat dengan dosis berlebih
Karbon monoksidaOksigèn, Oksigèn hiperbarat
SianidaAmil Nitrat, Natrium Nitrat, Natrium Thiosulfat, Hidroksikobalamin
DigitoksinAntibodi Fab digoksin
BesiDeferoksamin
IsoniazidPiridoksin
TimbalBAL, EDTA, DMSA
MethemoglobinemiaMethelene Biru
OpiodNalokson
Alkokol beracunDialisis, Etanol Drip. Kemungkinan juga dapat menggunakan inhibitor enzim.
antidepresan trisiklikNatrium bikarbonat

Cathetan suku