Sajarah Ostrali

Ostrali iku bawana ing donya.[1]. Ostrali iku bawana kang paling cilik.[2] Ostrali iku ana ing bumi sisih kidul antarané Samudera Pasifik lan Samudera Hindia.[2] Ambane mung 7.682.300 km2, dawa saka Pasisir Wétan tekan Kulon iku 3200 km lan dawa saka Tanjung York ing Pasisir Lor tekan Tanjung Tenggara ing Tasmania iku 3700 km.[2] Letak geografisé iku saka 10o 41'LS tekan garis lintang 43o 39'LS lan saka garis ujur 113o 09'BT tekan 153o 39'BT.[2] Lagu kebangsaané iku judhulé Advance Australia Fair kang didheklarasiaké tanggal 19 April 1984[3] Tanggal 1 Januari 1901 Ostrali dimerdhékaaké déning Inggris.Pendhudhuk asli Ostrali iku suku Aborigin.[4][5] Ostrali

Sajarah Ostrali

  • Sabeneré Ostrali wis tinemu ing taun 1642 déning Portugis lan Spanyol[6]
  • Ing taun 1768, Kaptén James Cook lunga menyang Tahiti kanggo sinau papan mandhegé planit Venus ing langit Samodra Pasifik sisih Kidul.[7] Ing dalan bali, ndhékné mandheg ing papan anyar sing saiki mau New Zealand utawa Selandia Baru.[7] Ndhékné lunga manèh lan mandheg ing Ostrali sisih kidul sawisé ndhékné bali mara Inggris[7]
  • Ing taun 1787 Inggris ngirim penjahat mara Ostrali amarga laladan ‘’pengiriman’’ penjahat Inggris ya iku Amérika wis kebak.[7] Ing taun iku 750 tahanan dipindhah mara Ostrali, kanthi taun 1868 lewih saka 168.000 tahanan tekan Ostrali.[7]
  • Ing taun 1851 Ostrali wiwit dikenal wong saka dunya amarga sugih emas.[8] Emas tinemu ing laladan New South Wales lan Victoria. Wong kang paling akèh teka mara Ostrali iku wong China.[8] Taun 1854 ana perang gedhé amarga para tukang tambang kepéngin ngilangake pajeg barang tambang lan ngadhepi militér Ostrali.[9]

Uga delengen

  • Arkéologi Ostrali
  • Sajarah Oseania
  • Terra Nullius

Cathetan suku