Sistem wilangan dèsimal

Sistem wilangan dèsimal/parsepuluhan iku sistem wilangan sing migunakaké 10 warna angka wiwit saka 0,1, nganti 9. Sawisé angka 9, angka sabanjuré ya iku 1 0, 1 1, lan saterusé (posisi ing angka 9 diganti nganggo angka 0, 1, 2,.. 9 manèh, nanging angka ing ngarepé diunggahaké dadi 1). Sistem wilangan dèsimal kerep dikenal minangka sistem wilangan mawa basis 10, amarga saben angka dèsimal migunakaké basis (radix) 10, kaya sing katon ing contoh iki:

angka dèsimal 123 = 1*102 + 2*101 + 3*100

Ing ngisor iki tabel sing nampilaké sistem angka dèsimal (basis 10), sistem wilangan binèr (basis 2), sistem wilangan/ angka oktal (basis 8), dan sistem angka hèksadèsimal (basis 16) sing dadi dhasar kawruh kanggo nyinaoni komputer digital. Wilangan oktal diwangun saka wilangan binèr-é kanthi nglompokaké saben 3 bit saka ujung tengen (LSB). Sauntara iku wilangan hèksadèsimal uga bisa diwangun kanthi gampang saka angka binèr-é kanthi nglompokaké saben 4 bit saka ujung tengen.

DèsimalBinèr (8 bit)OktalHèksadèsimal
00000 000000000
10000 000100101
20000 001000202
30000 001100303
40000 010000404
50000 010100505
60000 011000606
70000 011100707
80000 100001008
90000 100101109
100000 10100120A
110000 10110130B
120000 11000140C
130000 11010150D
140000 11100160E
150000 11110170F
160001 000002010