Sutradhara

Sutradara (basa Inggris: director) iku wong kang gawéyané ngarahaké juru main filem ing sajeroning prosès gawè filem kang trep karo Manuskrip.[1] (Tukang gawé filem uga dinggo ngrujuk prodhuser filem).[1] Manuskrip utawa skenario iku dianggo ngontrol aspèk-aspèk seni lan drama.[1] Minangka dirèktur ngawasi pegawé utawa pekerja teknik lan juru main kanggo nyukupi wawasan pengarahané.[1] Sutradara uga duwé tugas mbimbing kru tèknisi lan para juru main filem kanggo ngrealisasiké kreativitas kang diduwèni.[1]

Sutradara

Tanggung jawab

Sutradara duwé tanggung jawab ing aspek-aspek kreatif panggawéan filem ing bab interpretatif lan teknis.[2] Dhéwèkw duwé posisi paling dhuwur saka segi artistik lan mimpin panggawéan filem ing bab apa kang perlu kétok lan ditonton penonton.[2] Saliyané iku uga ngatur juru main ning ngarep kodhak lan ngarahké akting uga dialog.[2] Sutradara uga ngontrol posisi lan obahé kodhak, suara, lampu, lan bab-bab liya kang ana gayutané karo rampungé filem.[2]Ing sajeroning nglakoni tanggung jawabé, sutradara kerja karo kru filem lan juru main filem.[2] Ing antarané penata fotografi, penata kostum, penata kodhak lan liya-liyané.[2] Saliyané iku sutradara uga mèlu kétut ing prosès panggawéan filem wiwit saka pra-produksi, produksi, nganti tekan pasca-produksi.[2]

Cathetan suku