Tèknologi

Téknologi punika saking basa Yunani, technologia (τεχνολογία). Salah siji makna tèknologi ya iku: cara utawa metode (uga kalebu prosès) kang dihasilke kanggo mbantu manungsa nglakoni urip. Lumrahé tèknologi dihasilke saka prosès uji coba kang akhire ngasilke cara-cara utawa tèhnik-tèhnik tinentu kang luwih efisien.

Masing-masing babagan ngèlmu nduwé pemahaman tèknologi dhéwé-dhéwé kang disesuaike karo kebutuhan-kebutuhan ing babagan ngèlmu pendhak.

Teknologi prasaja

Awale manungsa ngrasa cukup dibantu uripé liwat bantuan saka teknologi-teknologi prasaja upamané: tuas, katrol, babagan miring lan liyané.

Teknologi modern

Penemuan-penemuan mesin uwab kang dilanjutke listrik lan elektronik wis ngerobah peradaban manungsa. Manungsa nglakoni urip dadi luwih gampang, dhimènsi jarak lan dhimènsi wektu bisa "diakali" ning uga nglairaké dampak-dampak kang bahaya.

Babagan-babagan

  • Teknologi pertanian
  • Teknologi antariksa
  • Teknologi elektronik
  • Teknologi Informasi
  • Teknologi komputer
  • Teknologi Robotika
  • Teknologi nuklir
  • Teknologi permesinan
  • Teknologi persenjataan
  • Teknologi telekomunikasi
  • Teknologi transportasi
  • Teknologi visual
  • Teknologi ènergi
  • Bioteknologi
  • Mikroteknologi
  • Nanoteknologi
  • lan liyané

Uga delengen

  • Sosio-teknologi