Tteokguk

panganan mligi saka Koréya

Tteokguk (떡국) ya iku jinis sop kang digawé saka adonan roti beras kang digodhog ing kaldu.[1] Masakan tteokguk ateges sup roti beras, lumrahé disuguhake ing dina Seollal utawa taun anyar Imlek ing Koréa.[1][2] Kaldun diwènèhi bahan-bahan kaya ta bawang perai, daging sapi panggang, endhog goreng, lan roti beras.[1] Yèn wis mateng, roti beras baka ngembang ing godhohan sup lan siyap disuguhake.[1] Saliyané dipangan nalika dina Seollal, tteokguk uga dipangan ing dina riyaya wulan purnama kang wiwitan (Jeongwol Daeboreum).[1] Saiki tteokguk dipangan bebarengan karo mandu (pangsit) kang isiné daging kang diwènèhi bumbu utawa janganan, mula sop iki uga diaranimandutguk (sop mandu).[1]

Tteokguk nganggo mandu.

Cathetan suku