Wadyabala tèrakota Tiongkok
Wadyabala tèrakora Tiongkok (China 兵马俑; tegesé: "reca pasaréan prajurit lan jaran", pinyin: bīng mǎ yǒng) iku sawijining kolèksi reca-reca tèrakota sing nggambaraké wadyabalané Qin Shi Huang, Kaisar kapisan Tiongkok. Reca-reca iki sajatiné sawijining wujud seni pasaréan sing padha-padha dipendhem nalika sang kaisar disarèkaké ing taun 210-209 SM lan doné iku kanggo ngreksa sang kaisar ing donya akérat.
Reca-reca iki kapisané tinemu ing taun 1974 déning para tani ing Kabupatèn Lintong, Xi'an, provinsi Shaanxi. Reca-reca iki dhuwuré séjé-séjé, magepokan karo perané, sing dhuwur dhéwé ya iku recané para sénapati utawa jèndral.
Situs arkéologi Mausoleum Kaisar Qin kapisan dadi situs Sana Warisan Donya ing taun 1987.
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra