Sana Warisan Donya

Situs Warisan Donya UNESCO iku wujud situs-situs spesifik (kaya déné alas, gunung, tlaga, sagara wedhi, monumèn, yasan, komplèks, utawa kutha) kang wis dinominasèkaké lan disarujuki kanggo dilebokaké sajeroning pratélan kang direksa déning Program Warisan Donya Internasional kang digulawenthah déning Komité Warisan Donya UNESCO, kang dumadi saka 21 nagara anggota, kang dipilih déning Majelis Umum Nagara-nagara Anggota kanggo mangsa kalungguhan tinamtu.[1] Tujuan program yaiku gawé katalog, milih, lan ngreksa situs-situs warisan budaya kang kawentar (pinunjul) utawa warisan alam kang wigati minangka warisan kanggo kamanungsan. Kanthi kondisi tartamtu, situs-situs kang wis kadaftar bisa olèh dana saka "Dana Warisan Donya". Program iki diadegagaké bareng karo anané Konvènsi bab pangreksan budaya donya lan warisan alam, kang disahké déning Konferènsi Umum UNESCO ing 16 November 1972. Wiwit iku, 184 (data Juli 2007) nagara-nagara anggota wis ngratifikasi konvènsi mau.

Nalika taun 2007, ana 851 situs kang wis kadaftar: 660 situs budaya, 166 situs alam, lan 25 campuran, dumunung ing 142 nagara anggota. UNESCO nyathet saben situs kanthi nomer idhentifikasi kang béda siji lan sijiné; nanging usulan anyar sok kalebu situskang wis lumebu sadurungé, banjur didaftar minangka pérangan wedharan kang luwih gedhé. Akibaté, sistem penomeran nganti punjul 1200, sanajan luwih sethithik ana ing pratélan kang sabeneré.

Saben situs warisan donyaiku tetep darbèké nagara miturut dunungé, nanging dianggep dadi kapentingan masarakat internasional kanggo ngreksa situs mau kanggo génerasi kang bakal teka. Protèksi lan konsèrvasi situs-situs iki dadi kawigatèn kabèh nagara ing donya.

Sajarah

Pra-konvènsi

Ing taun 1959, pamaréntah Mesir mutusaké arep yasa bendungan Aswan, sawijining proyèk kang bakal ngelepaké lembah kang ngandhut warisan peradababn kuna kaya déné kuil Abu Simbel. UNESCO banjur nganakaké kampanye gedhèn-gedhèn ing donya kanggo njaga situs mau kanggo ngadhepi usulan Mesir lan Sudan. Kuil Abu Simbel lan Kuil Philae sidané diprithili secuil mbaka secuil lan ditata manèh, dipindhah menyang papan kang luwih dhuwur. Béya kanggo proyèk mau udakara US $80 yuta, watara $40 yuta saka béya mau dikumpulaké saka 50 nagara. Bab iku dianggep suksès, lan dadi conto kanggo kampanye proyèk-proyèk liya yaiku ing antarané panylametan Venesia lan lagunané, ing Italia, reruntuh Mohenjo-daro ing Pakistan, lan Candhi Borobodur ing Indonésia). UNESCO banjur miwiti gawé rancangan konvènsi Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs, kanggo ngreksa warisan budaya umum kanggo kamanungsan.

Konvènsi lan latar mburi

Amérika Sarékat miwiti gagasan kanggo nggabungaé konsèrvasi budaya lan konsèrvasi alam. Konferènsi Gedhung Putih ing taun 1965 mutusaké kanggo ngadegaké sawijining Badan Warisan Donya (World Heritage Trust) kanggo ngreksa "situs-situs alam lan tlatah éndah pang pinunjul ing donya lan situs mawa sajarah kanggo sing ndunungi donya mangsa saiki lan sing bakal teka." Badan Internasional kanggo Konsèrvasi Alam (International Union for Conservation of Nature) uga gawé usulan kang padha ing taun 1968, lan diusulaké taun 1972 marang Konferènsi Lingkungan Urip PBB ing Stockholm, Swèdhen.

Pungkasané siji tèks disarujuki déning kabèh nagara kang mèlu guyub, lan Konvènsi bab protèksi warisan budaya lan alam donya" disahaké déning Konferènsi Umum UNESCO ing tanggal 16 November 1972.

Prosès nominasi

Sadéngah nagara kudu gawé pratélan inventarisasi kabèh situs alam lan budaya pinunjul kang diduwèni. Pratélan iki karan Pratélan Tentatif, lan wigati sebab sawijining nagara ora bisa ngajokaké usulan tumrap situs kang ora ana ing pratélan. Sabanjuré, bisa dipilih situs saka pratélan iki kang dilebokaké sajeroning file nominasi. Pusat Warisan Donya bakal mènèhi advis lan mbiyantu nyepakaké file iki, kang sabisa-bisané kudu komprehènsif.

Tekan seméné, file iki diévaluasi kanthi swatantra déning loro organisasi: Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs lan Badan Konsèrvasi Donya. Badan-badan iki banjur gawé rékomendhasi marang Komité Warisan Donya. Komité iki rapat setaun pisan kanggo nemtokaké pilihan endi usulan kang bisa lumebu Pratélan Warisan Donya, lan kadhangkala angèl mutusaké saéngga njaluk katrangan luwih akèh saka nagara kang ngajokaké. Ana sepuluh kritéria pemilihan kang kudu diduwèni supaya bisa lumebu pratélan Warisan Donya.

Kritéria pamilihan

<!PLEASE do not add or remove any images without discussion on the talk page first>

Site #86: Memphis kanthi Necropolis, kalebu Piramid Giza (Mesir).
Site #114: Persepolis (Iran).
Site #307: Reca Liberty (Amérika Sarékat).
Site #389: Studenica monastery (Serbia)
Site #438: The Great Wall (China).
Site #444: Ksar saka Aït Benhaddou (Maroko).
Site #483: Chichen Itza ing Yucatán (Meksiko).
Site #540: Pusat sajarah St. Petersburg lan suburb (Ruslan).
Site #723: Panorama budaya Sintra (Portugal).
Site #772: Banaue Rice Terraces ing gunung Ifugao (Filipina).
Site #776: Shinto Itsukushima Shrine Miyajima, Hiroshima (Jepang).
Site #936: Cueva de las Manos ing Patagonia (Argentina).
Site #960: Geghard Monastery (Armenia).

Nganti pungkasan taun 2004, ana enenm kritéria kanggo warisan budaya lan papat kritéria kanggo warisan alam. Ing taun 2005, kritéria iki diowahi dadi siji sèt kritéria waé. Situs kang dadi nominasi kudu "duwé biji pinunjul kang universal" lan njukupi paling ora siji saka sepuluh kritéria.[2]

Kritéria budaya

  • I. "makili sawijining purwarupa utawa masterpiece kréasi manungsa genius";
  • II. "nuduhaké gayutan (interchange) kang wigati ing pangajining manungsa (human values), ing ing sajeroning mangsa tinamtu utawa sajeroning tlatah budaya donya, ing pembangunan babagan arsitèktur utawa tèknologi, seni monumèntal, perancangan kutha utawa disain lansekap;
  • III. "duwé tèstimoni kang unik utawa sak ora-orané istiméwa tumrap tradhisi budaya utawa tumrap sawijining peradaban kang isih ana utawa wis sirna";
  • IV. "minangka conto pinunjul saka jinis wewangunan, arsitèktural utawa rakitan tèknologi utawa sesawangan kang nggambaraké tataran kang wigati ing sajarah manungsa ";
  • V. "minangka conto pinunjul saka sawijining papan panggonan urip manungsa tradhisional, panggunaan lahan, utawa panggunaan sagara kang makili sawijining budaya, utawa interaksi manungsa lan lingkungan urip mligi nalika bab iki dadi rawan saka akibat owah-owahan kang ora bisa dibalèkaké";
  • VI. "kudu langsung utawa nyata-nyata magepokan karo prastawa utawa tradhisi urip, karo gagasan, utawa karo kapercayan, karo karya artistik lan tinulis (literary) ing wigati universal kang pinunjul. (Komité mutusaké yèn kritéria iki luwih becik dipigunakaké magepokan karo kritéria liyané)";

Kritéria alam

  • VII. "ngandhut fénoména alam kang istiméwa (superlative) utawa tlatah kanthi kaéndahan alam kang ngédap-édapi lan wigatining èstètika";
  • VIII. "minangka conto kang pinunjul (outstanding) makili tataran utama sajarah bumi, kalebu rekaman kauripan, prosès géologi wigati kang isih lumaku sajeroning owah-owahan wangun bumi, utawa wujud geomorphic utawa physiographic kang wigati";
  • IX. "minangka conto wigati kang makili prosès ekologis lan biologis wigati kang isih lumaku sajeroning évolusi lan owah-owahan kulit bumi (terrestrial), banyu tawa (fresh water), ékosistem pasisir lan sagara, komunitas tuwuhan lan kéwan ";
  • X. "ngandhut habitat alami kang paling wigati lan pinunjul kanggo konsèrvasi (ing panggonan iku) kaanékaragaman biologi, kalebu spésies kang kaancam bakal cures, kang wigati tumrap aji uiversal kang pinunjul saka kapentingan èlmu utawa konsèrvasi."

Statistik

Delengen uga: Tabel Situs Warisan Donya miturut nagara

Sawetara iki ana 851 situs warisan donya duunung ing 142 nagara anggota. Saka cacah iki mau, 660 ing antarané wujud situs budaya, 166 situs alam lan 25 situs campuran. Klasifikasi sabanjuré kalebu klasifikasi miturut nagara anggota ing lima zona géografis: Afrika, Nagara-nagara Arab (dumadi saka nagara-nagara Afrika Lor lan Wétan Tengah), Asia-Pasifik (kalebu Australia lan Oseania), Éropa lan Amérika Lor (mligi, USA lan Kanadha), lan Amérika Latin lan Karibia.

Minangka cathetan: Ruslan lan nagara-nagara Kaukasus diklasifikasèkaké lumebu zona Éropa lan Amérika Lor.

Zona-zona géografis UNESCO uga mènèhi tekanan marang bab administratif tinimbang gayutan géografis. Mula, Pulo Gough, dumunung ing Atlantik Kidul, didadèkaké lumebu zona Éropa & Amérika Lor awit nagara Inggris kang ngusulaké tlatah mau.

Tabel ing ngisor iki nuduhaké pamérangan situs miturut zona lan klasikasiné:

ZonaAlamBudayaCampuranTotal%
Afrika33383749%
Nagara-nagara Arab3581627%
Asia-Pasifik4512611182[3]21%
Éropa & Amérika Lor51358741649%
Amérika Latin & Karibia3480311714%

Pratélan Situs Warisan Donya

  • Pratélan Situs Warisan Donya ing Afrika
  • Pratélan Situs Warisan Donya ing Amérika
  • Pratélan Situs Warisan Donya ing Asia lan Australasia
  • Pratélan Situs Warisan Donya ing Éropa
  • Pratélan Situs Warisan Donya sajeroning bebaya

Rapat Komité Warisan Donya

Komité Warisan Donya nganakaké rapat bola-bali setaun, kanggo ngrembug cara-cara ngemunah situs warisan donya kang ana, lan nampa usul nominasi saka nagara kang ngajokaké. Rapat mau ditindakaké saben taun kanggo nglebokaké sawijining situs sajeroning pratélan situs warisan donya sawisé presentasi déning IUCN lan/utawa ICOMOS, lan tanggapan utawa kabotan saka nagara-nagara anggota.

Rapat taunan ditindakaké pidhah-pindhah ing kutha-kutha ing saidenging donya. Kajaba kang dianakaké ing Paris (Prancis), dunungé kantor markas UNESCO, mung nagara-nagara anggota Komité Warisan Donya kang duwé hak dadi tuan rumah rapat sabanjuré.

RapatTaunTanggal wektuKuthaNagara
1197727 Juni1 JuliParis  Prancis
219785 September8 SeptemberWashington, DC  Amérika Sarékat
3197922 Oktober26 OktoberKairo & Luxor  Mesir
419801 September5 SeptemberParis  Prancis
5198126 Oktober30 OktoberSydney  Ostrali
6198213 Dhésèmber17 DhésèmberParis  Prancis
719835 Dhésèmber9 DhésèmberFirenze  Itali
8198429 Oktober2 NovemberBuenos Aires  Argentina
919852 Dhésèmber6 DhésèmberParis  Prancis
10198624 November28 NovemberParis  Prancis
1119877 Dhésèmber11 DhésèmberParis  Prancis
1219885 Dhésèmber9 DhésèmberBrasilia  Brazil
13198911 Dhésèmber15 DhésèmberParis  Prancis
1419907 Dhésèmber12 DhésèmberBanff  Kanadha
1519919 Dhésèmber13 DhésèmberCarthage  Tunisia
1619927 Dhésèmber14 DhésèmberSanta Fe  Amérika Sarékat
1719936 Dhésèmber11 DhésèmberKartagena  Kolombia
18199412 Dhésèmber17 DhésèmberPhuket  Thailand
1919954 Dhésèmber9 DhésèmberBerlin  Jerman
2019962 Dhésèmber7 DhésèmberMérida  Meksiko
2119971 Dhésèmber6 DhésèmberNapoli  Itali
22199830 November5 DhésèmberKyoto  Jepang
23199929 November4 DhésèmberMarrakesh  Maroko
24200027 November2 DhésèmberCairns  Ostrali
25200111 Dhésèmber16 DhésèmberHelsinki  Finlan
26200224 Juni29 JuniBudapest  Hungaria
27200330 Juni5 JuliParis  Prancis
28200428 Juni7 JuliSuzhou  Cina
29200510 Juli17 JuliDurban  Afrika Kidul
3020068 Juli16 JuliVilnius  Litowen
31200723 Juni1 JuliChristchurchCithakan:Country data Niu Selan
3220082 Juli-10 JuliQuebec City  Kanadha

Deleng uga

Cathetan

Pranala njaba