Wolfgang Amadeus Mozart

Wolfgang Amadeus Mozart (Salzburg, 27 Januari 1756Wina, 5 Dhésèmber 1791), punika satunggiling komposer musik saking Ostenrik. Piyambakipun saged kaangep juru musik ingkang jénius. Saking wiwit alit sampun saged manggubah musik klasik. Karyanipun kathah sanget (kirang langkung 700 lagu).

Gambar Mozart ing Bologna, Italia (1777).

Karya-karyanipun antawis sanès: Pawiwahan Figaro (Le nozze di Figaro) (1786), Don Giovanni (1787), kaliyan Sruling Ajaib (Die Zauberflöte) (1791). Karyanipun ingkang pungkasan, Requiem, dèrèng bibar awit sampun tilar donya. Lajeng karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr.

Pratélan komposisi

Mozart nilaraken warisan komposisi musik kathah sanget. Komposisi-komposisinipun sampun dipunpilah-pilah per genre (jinis) ing K.V. (Köchel-Verzeichnis, 1937). Sawijining ringkesan cekak karya Mozarts ugi naté dipunterbitaken ing 1951 mawi judhul Der kleine Köchel. Lajeng ugi wonten Verzeichnüss, punika cekakan saking Verzeichnüss aller meiner Werke (1784-1791), sawijining pratélan komposisi ingkang dipunserat déning Mozart piyambak. Lajeng ugi wonten sistèm AMV (Alte Mozart-Ausgabe) kaliyan NMA (Neue Mozart-Ausgabe) ingkang dipun-ginakaken.

Pratélan opera Mozart:

JudhulKVbibar ingisisanès-sanès
Die Schuldigkeit des erstes GebotesKV351767
Apollo et HyacinthusKV381767
Bastien en BastienneKV501768
La finta sempliceKV511768
MitridateKV871770
Ascanio in AlbaKV1111771
Betulia LiberataKV1181771Judith kaliyan Holofernes
Il sogno di ScipioneKV1261772
Lucio SillaKV1351772
Thamos, König in Ägypten1773, 1775
La finta giardinieraKV1961774
Il rè pastoreKV2081775
ZaideKV3441779
IdomeneoKV3661780
Die Entführung aus dem SerailKV3841782
L'oca del CairoKV422
Lo sposo delusoKV430
Der SchauspieldirektorKV486
Le nozze di FigaroKV4921786Satunggiling tukang cukur ingkang gandrung
Don GiovanniKV5271787Satunggiling playboy
Così fan tutteKV5881789
Die ZauberflöteKV6201791prakawis free masonry (vrijmetselarij)
La clemenza di TitoKV6211791

Requiem

Ing warsa 1791 Mozart kadhatengan tiyang ingkang boten dipuntepangi. Piyambakipun kajeng pesen satunggiling misa Requiem. Alesan saha jati dhirinipun boten purun dipunbèbèraken. Bésok tibakipun tiyang punika Raden Franz von Walsegg-Stuppach. Priyantun punika panci gadhah kabiasaan pesen komposisi musik lajeng dipunsalin kaliyan dipunakoni piyambak.

Rikala Mozart nampi pesenan punika, Mozart sampun boten saras malih. Amargi gadhah pesenan sanès, Mozart saweg saged nyerat requiem punika rikala sangsaya sakit badanipun ngantos séda. Pungkasanipun karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr. Piyambakipun salah satunggiling siswanipun.

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.