Anggur (woh)

Wit anggur kuwe klebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman), tuwuh minangka tanduran sing tahan urip mataun-taun ( perennial ) lan arupa wit grumbul sing mrambat ( deciduous woody vine ), sekang genus Vitis. [1]Woh anggur teyeng dipangan mentahan utawa digawé selai, kismis, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur.[2]Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané teyeng ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan}, utawa putih.[1] Senajan kaya kuwe, anggur "putih" jan-jane werna ijo, ningen sacara alon-alon malih rupa sing asalé sekang anggur abang.[2] Mutasi sekang loro gèn sing temata ngendhegna produksi anthocyanin, yakuwe zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[3].

Anggur abang
Anggur, abang utawa ijo
Kandungan nurtrisi saben Cithakan:Convert/g
EnergiCithakan:Convert/kJ
Karbohidrat18.1 g
- Gula15.48 g
- Serat pangan0.9 g
Lemak0.16 g
Protein0.72 g
Thiamine (Vit. B1)0.069 mg (5%)
Riboflavin (Vit. B2)0.07 mg (5%)
Niacin (Vit. B3)0.188 mg (1%)
Pantothenic acid (B5)0.05 mg (1%)
Vitamin B60.086 mg (7%)
Folate (Vit. B9)2 μg (1%)
Vitamin B120 μg (0%)
Vitamin C10.8 mg (18%)
Vitamin K22 μg (21%)
Calcium10 mg (1%)
Iron0.36 mg (3%)
Magnesium7 mg (2%)
Manganese0.071 mg (4%)
Phosphorus20 mg (3%)
Potassium191 mg (4%)
Sodium3.02 mg (0%)
Zinc0.07 mg (1%)
Persentase ngrujuk maring rekomendasi Amerika Serikat kanggo wong dewasa.
Source: Sumberdata Nutrisi USDA

Habitat

Anggur kalebu tanduran sing dimanfaatna wohè.[4] Anggur arupa tanduran perdu sing mrambat. Angger nandur anggur biyasanè dirambatna nang anjang-anjang utawa nang wit liyanè.[4] Tanduran anggur teyeng urip subur nang dhaèrah dhataran rendah.[4]

Wit Anggur

Akèh-akèhé anggur asale sekang cultivars Vitis vinifera, yakuwe wit anggur Eropah sing asalé sekang tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tanduran anggur jinis sing sumebar nang Amérika land Asia, kayata :

  • Vitis labrusca, wit anggur kanggo anggur méja lan anggur jus sekang Amérika Utara, kadhangkala dipigunakna minangka ombènan anggur (wine). Asalé sekang Amérika sisih wétan lan Kanada.[4]
  • Vitis riparia, wit anggur liar sekang Amérika Lor, kadhangkala digawé ombènan anggur lan jam. Asalé sekang Amerika Timur lan loré Quebec.[4]
  • Vitis rotundifolia, utawa muscadine, digawé ombènan lan jam. Asalé sekang Amérika kidul-wétan wiwit Delaware nganti Teluk Meksiko. [4]
  • Vitis vulpina Anggur beku. Asal sekang Amerika Serikat wiwit sekang tlatah tengah-kulon wétané panté nganti tekan New York.
  • Vitis amurensis jinis paling wigati sekang Asia.[4]

Anggur Segara Coccoloba uvifera kuwe jan-jane anu kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé sekang pulo-pulo nang segara Karibia.[4]

Kebak nang Guna

Anggur teyeng dimanfaatna kanggo nggawé produk inuman férméntasi. [4]Asil férméntasi anggur sing nagndhut alkohol biyasané diarani Wine, anggur uga teyeng digaringna dadi kismis lan kanggo industri selai lan jeli.[4] Anggur uga teyeng dipangan kanggo buah.[4]

Distribusi lan prodhuksi

Palatina, anggur Jerman
Grapevines
Grape production in 2005

Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tanduran anggur.[2] Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringna.[2] Sebagéyan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng sing tanpa tambahan gula lan "100% alami".[2] Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.[2]

Tabel nang ngisor iki minangka daftar prodhusèn anggur sing pinunjul nang donya.:

NegaraAmbané tlatah kebon anggur
Spanyol11.750 km²
Prancis8.640 km²
Italia8.270 km²
Turki8.120 km²
Amérika Sarékat4.150 km²
Iran2.860 km²
Rumania2.480 km²
Portugal2.160 km²
Argentina2.080 km²
Australia1.642 km²
Inggris10,53 km²

Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation.

Jinise

Jinise anggur yakuwe kaya sing katulis nang ngisor kiye:[5]

  • Anggur abang
  • Anggur ijo
  • Anggur kuning
  • Anggur ireng
  • Anggur Australia
  • Anggur Bali
  • Anggur Chifung
  • Anggur Chinsiang
  • Anggur Delaware
  • Anggur Gros Colman 12
  • Anggur Isabela 1
  • Anggur Probolinggo Biru 81
  • Anggur Probolinggo Putih 14
  • Anggur Turki
  • Anggur White Malaga

Chatetan Suku

Delengen uga

Pranala jaba

Jinising Woh-wohan