Prefektur Gifu (岐阜県,Gifu-ken?) inggih punika prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing Chubu, mliginipun ing pérangan paling tengah Pulo Honshu[1][2]. Kutha krajan punika mapan ing kutha Gifu.
Prefektur Gifu mapan wonten ing wewengkon ingkang miturut pambagian provinsi lawas Jepang dipunsebat Provinsi Hida lan Mino. Oda Nobunaga maringi nama wewengkon punika minangka "Gifu", mawi aksara kanji "gi" kados wonten ing nama Gunung Gi (Gunung Qi) ing Tiongkok ingkang dados papan jumenengipun Dinasti Zhou. Wiwit saking rumiyin Gifu kalebet punjer pedamelan barang-barang landhep wonten ing Jepang.
Prefektur Gifu kalebet salah satunggaling prefektur ing Jepang ingkang dipunkurung kaliyan dharatan. Wewengkonipun katutup 7 prefektur: Aichi, Fukui, Ishikawa, Mi, Nagano, Shiga, lan Toyama. Prefektur Gifu mlebet ing wewengkon Chubu, nanging wewengkon ing sisih kidul ugi kalebet wewengkon Tokai [3].
Wonten ing pérangan lèr (wewengkon Hida) wonten kathah redi ingkang ndhapuk Pagunungan Alpen Jepang: Gunung Hodaka, Gunung Yarigatake, Gunung Kasagatake, Gunung Norikuradake, Gunung Kinkazan, lan Gunung Enasan. Déné ing sisih kidul (wewengkon Mino) kalebet dhataran andhap ingkang subur kanggé tetanèn. Kathahipun penduduk mapan wonten ing wewengkon Mino Lèpèn Ibi, Lèpèn Hida, Lèpèn Miyagawa, lan Lèpèn Itadori.
Stasiun Shinkansen ing Gifu Hashima ingkang mapan wonten ing njawinipun kutha Gifu. Gifu Hashima saged kelampahan kanthi wekdal kirang saking 1 jam saking Osaka utawi 2 jam saking Tokyo. Kutha-kutha sanès ing Prefektur Gifu kaubungaken kaliyan jaringan sepur JR, Meitetsu, lan bus antarkota.