Préfèktur Okayama

Préfèktur Okayama (岡山県 Okayama-ken?) punika satunggaling prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing sisih kilèn Pulo Honshu ing wewengkon Chugoku [1][2]. Wewengkon prefektur punika kalebet 90 pulo ageng lan alit ing Laut Pedalaman Seto. Kutha krajanipun wonten ing kutha Okayama. Nalika jaman rumiyin, prefektur punika kawéntar minangka Provinsi Kibi lan wewengkonipun ing sisih wétan Prefektur Hiroshima (Provinsi Bingo), lan kempalan pulo ageng lan alit ingkang sapunika dados wewengkon Prefektur Kagawa. Wiwit saking taun 1989, Prefektur Okayama punika wewengkon kanthi curah jawah ingkang paling andhap ing Jepang saéngga dipunsebat "nagari tansah cerah" (Hare no kuni). Prefektur Okayama punika kawéntar mawi carita rakyat Momotaro[3].

Peta Prefektur Okayama
Prefektur Okayama
Okayama Prefecture
岡山県
Prefecture
Trankripsi Japanese
 • Japanese岡山県
 • RōmajiOkayama-ken
Gendéra Okayama Prefecture
Gendéra
Official logo of Okayama Prefecture
Symbol
Location of Okayama Prefecture
CountryJapan
RegionChūgoku (Sanyō)
IslandHonshu
CapitalOkayama
SubdivisionsDistricts: 10, Municipalities: 27
Pamaréntahan
 • GovernorRyūta Ibaragi
Laladan
 • Gunggung7,114,50 km2 (2,74.692 sq mi)
 • Urut laladan17th
Cacah warga (February 1, 2018)
 • Gunggung1,906,464
 • Urut pepadhet21st
 • Pepadhet0,27/km2 (0,69/sq mi)
Kodhe ISO 3166JP-33
Situs wèbwww.pref.okayama.jpCithakan:Infobox region symbols

Géografi

Prefektur Okayama winatesan kaliyan Prefektur Hyogo, Prefektur Tottori, Prefektur Hiroshima, lan Prefektur Kagawa. Prefektur punika gadhah garis pasisir kaliyan Laut Pedalaman Seto.

Sajarah

Zaman kuna

Saking tilaran ing situs Gunung Washū, Prefektur Okayama kinten-kinten sampun dinggèni déning manungsa wiwit saking jaman paleolitik Jepang. Ing wulan Fèbruari 2005, fosil pari lan opal phytolith saking jaman Jomon kapanggih ing pangedukan situs tumpukan kerang Hikosaki, kutha Okayama. Tilaran ing situs Asanebana ingkang mapan wonten ing prefektur ingkang sami kinten-kinten minangka tilasing wana kanggé nandur pari ing jaman Jomon.[4] Ing jaman kuna, prefektur punika dipunwastani Provinsi Kibi lan kalebet wewengkon Jepang ingkang makmur ugi saged dipunsandingaken kaliyan wewengkon kados Kinai, Kita Kyushu, lan Izumo. Provinsi Kibi lan Kinai damel gayutan persekuthuan mawi wewengkon kekuwaosan ingkang sapunika dipunsebat Prefektur Okayama, Prefektur Hiroshima pérangan tengah lan lèr, manéka pulo ageng lan alit ing Prefektur Kagawa, lan laladan Harima ing Prefektur Hyogo. Kibi Makibi lan Wake no Kiyomaro punika politisi ingkang gadhah prabawa ing Jepang wiyosipun provinsi Kibi. Salajengipun provinsi Kibi dipunpecah dados Provinsi Bizen, Provinsi Bitchu, lan Provinsi Bingo. Lajeng Provinsi Mimasaka misah piyambak saking Provinsi Bizen. Wonten ing jaman Heian, laladan punika dados pusat kekuwatan militèr klan Taira.

Abad tengahan

Pungkasan abad kaping 15 dumugi abad kaping 19

Zaman Meiji dumugi sapunika

Bibar dipunwontenaken sistem prefektur nalika tanggal 14 Juli 1871, Prefektur Okayama dipunbentuk saking tilas wewengkon han Okayama, nanging namung mlebetaken wewengkon ingkang rumiyinipun dipunsebat Provinsi Bizen. Provinsi Bitchu lan Bingo ingkang samangké gabung dados Prefektur Oda nembé nggabung malih kaliyan Prefektur Okayama nalika tanggal 10 Dhésèmber 1875. Ing taun salajengipun (18 April 1876), enem distik tilas provinsi Bingo misah saking Prefektur Okayama lan gabung kaliyan Prefektur Hiroshima. Minangka gantosipun, Provinsi Mimasaka ingkang sadèrèngipun mawi nama Prefektur Hōjō dipungabung malih kaliyan Prefektur Okayama. Nalika taun 1963, kutha alit Hinase misah saking Prefektur Okayama lajeng gabung kaliyan kutha Akō ingkang kalebet Prefektur Hyogo.

Kutha

Kutha alit lan désa

  • Distrik Aida
Nishiawakura
  • Distrik Akaiwaǂ
Setoǂ
  • Distrik Asakuchi
Satosho
  • Distrik Kaga
Kibichūō
  • Distrik Katsuta
Nagi
Shoo
  • Distrik Kume
Kumenan
Misaki
  • Distrik Maniwa
Shinjo
  • Distrik Mitsu
Takebe
  • Distrik Oda
Yakage
  • Distrik Tomata
Kagamino
  • Distrik Tsukubo
Hayashima
  • Distrik Wake
Wake

Pendidikan

  • Universitas Okayama (universitas nagari) ing kutha Okayama
  • Okayama Prefectural University ing kutha Soja

Transportasi

Papan anggegana

  • Papan anggegana Okayama (18 km arah lor-kulon (barat laut) pusat kutha Okayama)

Jaringan sepur (kereta api)

  • JR-West
    • Sanyo Shinkansen
    • Jalur utama Sanyo
    • Jalur Hakubi
    • Jalur Kibi
    • Jalur Akō
    • Jalur Tsuyama
    • Jalur Honshibisan
    • Jalur Uno
    • Jalur Geibi
    • Jalur Kisen
    • Jalur Imbi
  • Perusahaan Kereta api Shikoku
    • Jalur Honshibisan
  • Chizu Express
    • Jalur Chizu
  • Perusahaan Kereta api Ibara
    • Jalur Ibara
  • Perusahaan Kereta api Mizushimarinkai
    • Jalur utama Mizushima
  • Okayama Electric Tramway
    • Jalur utama Higashiyama
    • Jalur Seikibashi

Budaya

Pariwisata

  • Kutha Okayama
    • Taman Jepang Kōraku-en
    • Astana Okayama
  • Kutha Bizen
    • Sekolah Rakyat Shizutani
    • Kawasan Sajarah Bikan (Kurashiki Bikan Chiku)
  • Kutha Kurashiki
    • Taman dolanan Tivoli Park
  • Kutha Ibara
    • Observatorium Astronomi Bisei

Cathetan suku

Pranala njawi