Banchan

panganan mligi saka Koréa

Banchan utawi panchan punika dedhaharan tambahan wonten ing tradhisi olah-olahan Koréa. Manéka warna jinising Banchan dipuncawisaken wonten ing piring-piring alit nalika badhé dipunrahapi. Salah satunggaling jinis saking Banchan ingkang paling umum punika Kimchi. Banchan punika dipuncawisaken mawi porsi ingkang alit kanthi ancas supados langsung telas nalika dipundhahari. Sansaya resmi satunggaling pasamuan, pramila sansaya kathah ugi banchan ingkang dipuncawisaken. Tinandhing kaliyan wewengkon sanèsipun, jinising banchan ingkang dipuncawisaken ing Provinsi Jeolla punika langkung kathah warninipun.

Banchan

Manéka warna Banchan

Kimchi

Kimchi punika manéka sayur ingkang dipundamel fèrmentasi. Ing antawisipun jinising kimchi ingkang paling kondhang inggih punika kimchi sawi putih (baechu kimchi).

JenengJeneng KoréaWedharan
Nabak-kimchi나박김치kimchi sawi putih lan lobak ingkang langkung kathah toyanipun.
Dongchimi동치미kimchi sayur ingkang boten mawi lombok. Nabak-kimchi lan dongchimi dipunsebat mul kimchi utawi kimchi toya.
Geotjeori[1]겉절이kimchi sawi putih ingkang tasih énggal lan dèrèng dipundamel fèrmentasi.
Kkakdugi깍두기kimchi saking lobak ingkang dipuntugel dados kothak lan mawi bumbu lombok.
Oi sobak-i오이 소박이kimchi saking timun mawi lombok lan ron bawang.
Chonggak kimchi총각김치kimchi mawi bumbu saking lobak wutuh ingkang ukuranipun alit.

Namul

Various namul

Namul (나물) ingkang dipunolah mawi bumbu kados lenga wijèn, sarem (uyah), cuka, bawang, ron bawang, bubuk lombok lan kécap asin.

Jeneng[2][3]Jeneng KoréaWedharan
Kongnamul콩나물thokolan wonten ing lenga wijèn.
Sigeumchi-namul시금치나물spinacia ing lenga wijèn, bawang lan kécap asin.
Miyeok-muchim[4]미역무침miyeok (rumput laut utawi wakame) kaliyan cuka, gula, lan sarem.
Mu-saengchae/Mu-chae[5]무생채/무채asinan lobak ingkang dipuniris alit lajeng dipunparingi cuka, gula, sarem lan lombok.
Gosari-namul고사리나물tumis pucuk pakis.

Jorim

Jorim punika sebatan kanggé dhaharan ingkang dipunolah ngginakaken saos.

JenengJeneng KoréaWedharan
Dubu-jorim(두부조림)tahu ingkang dipunmasak kaliyan saos campuran saking kécap asin, lenga wijèn, bawang lan ron bawang.[6]
Jang-jorim(장조림)daging sapi (ati sapi) ingkang dipunmasak kaliyan kecap asin lan tigan ayam ingkang dipungodhog.[7]

Jjim

Jjim punika dhaharan ingkang dipunkukus.

JenengJeneng KoréaWedharan
Gyeran-jjim(계란찜)tigan ingkang dipunkukus mawi bumbu.[8]

Jeon

Jeon punika sebatan kanggé manéka dhaharan ingkang dipun-gorèng ing wajan.[9] salah satunggaling jinis jeon ingkang paling kondhang inggih punika Buchimgae (adonan tepung terigu lan sayuran ingkang dipun-goreng tipis kadosdéné panekuk). Wonten ing Jepang, Buchimgae dipunwastani chijimi ingkang asalipun saking nama dhaharan ing dhialèk Gyeongsang (jijimi).

JenengJeneng KoréaWedharan
Pajeon(파전)panekuk isi ron bawang, lan saged dipundamel tanpa ngginakaken tepung terigu (namung tigan ayam lan ron bawang).[9]
Kimchijeon(김치전)panekuk mawi kimchi ingkang sampun kecut.[9]
Gamjajeon(감자전)panekuk kentang saka Koréa.[10]
Saengseon jeon(생선전)nilam ingkang dipuncampur tigan lajeng dipun-gorèng.[11]
Donggeurang ttaeng(동그랑땡)perkedèl campuran tahu, daging, lan sayuran.[12]

Sanèsipun

JenengJeneng KoréaWedharan
Japchae(잡채)tumis sayuran ingkang dipuncampur kaliyan sohun.

Pranala njaba

Rujukan