Bawang

Bawang putih
Bawang putih
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Magnoliophyta
Klas:Liliopsida
Ordho:Asparagales
Famili:Alliaceae
Subfamili:Allioideae
Tribe:Allieae
Génus:Allium
Spésies:A. sativum
Jeneng binomial
Allium sativum
L.

Bawang utawa ing Basa Indonésia bawang putih (jeneng Latin: Allium sativum, Linn.) iku jeneng tetuwuhan saka génus Allium lan jeneng umbi sing diasilké.[1] Umbi saka tuwuhan bawang putih minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia.[1]

Bawang mentah sugih senyawa-senyawa sulfur, kalebu dat kimia sing karan alliin sing agawé bawang putih mentah krasa getir utawa angur.[1]

Bawang kalebu familia Liliaceae.[1] Tuwuhan iki uga kalebu tuwuhan usuman.[1]

Bawang bisa ditangkaraké saka umbiné.[1] Pérangan umbi sing ndhuwur dipèngkès utawa dikethok, banjur ditandur kanthi dicublekaké ing lemah.[1]

Bawang luwih apik ora dipangan mentah amarga ngganggu asem lambung.[1] Bawang luwih becik dimasak dhisik kanthi digodhog, digorèng utawa dipanggang dhisik.[1]

Kandhutan dat

Bawang ngandhut lenga atsiri, aliin, kalium, saltivine, lan diallysulfide.[1]

Dasanama

Jeneng Latin:Allium sativum, Linn.[2]

Jeneng lokal:Garlic (Inggris), bawang putih (Indonésia), bawang (Jawa); bawang bodas (Sunda), bawang handak (Lampung); kasuna (Bali), lasuna pute (Bugis), bhabang pote (Madura); bawa bodudo (Ternate), Kalfeo foleu (Timor).[2]

Jeneng tlatah liyané:

Klasifikasi

  • Divisio: Spermatophyta[3]
  • Sub divisio: Angiospermae[3]
  • Kelas: Monocotyledonae[3]
  • Bangsa: Liliales[3]
  • Suku: Liliaceae[3]
  • Marga: Allium[3]
  • Jinis: Allium sativum[3]
  • Jeneng umum: bawang putih[3]

Khasiyat

Kanggo obat lelara hipertensi, asma, watuk, masuk angin, lara sirah, lara kuning; sesek napas, busung banyu, ambeien, sembelit, njarem utawa abuh, abses; tatu bendha landhep, dicokot gegremet, cacingen, angèl turu (insomnia).[2]

22 khasiyat

  • Saliyané bisa mbiyantu sistem kakebalan lan kinerja otek, bawang putih uga duwé akèh khasiyat liyané.[4]
  • Bisa njaga awak lan sèl-sèl saka prosès panuwan dhini, ngalonaké patumbuhan sèl kanker.[4]
  • Kanthi ngonsumsi bawang, bisa ngurangi risiko kéna kanker.[4]
  • Bawang yèn dikonsumsi kanthi rutin bisa ngurangi kadhar kolèsterol.[4]
  • Bawang nduwé dat anti-kolèsterol kang jenengé ''ajoene'', dat iki bisa nyegah panggumpelan getih.[4]
  • Bawang bisa mbiyantu ngurangi strèss lan dhèprèsi.[4]
  • Bawang ngandhut vitamin A lan duwé èfèk luwih lembut.[4]
  • Bawang ngandhut vitamin B[4]
  • Bawang ngandhut vitamin C[4]
  • Bawang ngandhut kalsium [4]
  • Bawang ngandhut potasium [4]
  • Bawang ngandhut antioksidan, karotèn lan selenium [4]
  • Mangan bawang 2-3 siyung saben dinané, bisa nyegah lelara jantung.[4]
  • Kanggo tamba utawa obat lelara getih dhuwur hipertènsi[4]
  • Njaga lan ngènthèngaké kinerja tukak lambung.[4]
  • Ngedhunaké kolèsterol getih.[4]
  • Bawang bisa ngundhakaké insulin getih kanggo wong kang duwé lelara dhiabètès.[4]
  • Nglumpuhaké radhikal bébas kang ngganggu sistem kakebalan awak.[4]
  • Bawang uga kena kanggo panawar racun (detoxifier) kang bisa njaga awak saka warna-warna lelara.[4]
  • Bawang yèn dipangan mentah bisa ngundhakaké nepsu mangan.[4]
  • Njaga stamina awak.[4]
  • Ngandhut khasiyat antimikroba, antitrombotik, hipolipidemik, antiarthritis, hipoglikemik, lan uga duwé aktivitas antitumor.[4]

Paédah

Bawang putih kanggo bumbu sing digunakaké tumrap mèh saben panganan lan masakan Indonésia.[1] Sadurungé dianggo bumbu, bawang dijur kanthi dipenet nganggo lading (dikeprèk) sadurungé dirajang alus lan ditumis ing wajan nganggo lenga gorèng sethithik.[1] Bawang bisa uga dialuské kanthi diuleg bebarengan karo bumbu-bumbu liyané.[1] Bawang kena diwuwurna ing mi utawa soto lan masakaan liyané.[1] Bawang kang diwuwurna ing masakan yaiku bawang kang digorèng.[1] Saliyané kanggo bumbu masakan, bawang bisa nyegah lelara jantung.[1]

Bawang ngandhut lenga atsiri.[5] Saliyané iku bawang uga duwé sipat antibakteri lan antisèptik.[3] Bawang duwé khasiat minangka antibiotik alami.[1] Dat allicin lan aliin kalebu dat kang nduwé daya anti kolèsterol.[3] Dat iki uga bisa nyegah lelara jantung koronèr, tekanan getih dhuwur utawa hipertènsi.[3]

Asil olahan

Bawang bisa diolah dadi bawang gorèng lan bumbu instan.[6] Sadurungé diolah, bawang luwih dhisik digaringna.[6]Bawang kang garing, kadhar banyuné sithik, saéngga luwih krasa gurih yèn diolah.[6] Saliyané iku, asil olahané uga luwih kemriyuk.[6]Saiki ana piranti kanggo nggaringaké bawang, saliyané kanggo nggaringaké bawang, piranti iki uga kena kanggo nggaringaké brambang.[6]Piranti iki kanggo nggaringaké bawang kanthi kapasitas 5-6 kuintal.[6] Saben prosès penggaringan mbutuhaké wektu kurang luwih 15 jam.[6] Déné suhu kang kanggo nggaringaké yaiku 42-45 drajat Celcius.[6]

Gladri

Chatetan sikil

Deleng uga

Pranala njaba

Cithakan:Bumbon crakèn