Barak konsèntrasi Auschwitz

barak konsèntrasi

Auschwitz ya iku sakumpulan barak konsèntrasi sing dilakokaké Jerman Nazi nalika Perang Donya II. Ana barak gedhé cacah telu ing Auschwitz lan 48 barak sing luwih cilik (karan anak barak). Barak sing baku ya iku Auschwitz I, sing dadi pakunjaran antarané taun 1940-1945. Barak Auschwitz II (Birkenau) minangka barak panumpesan (barak pati) sing gedhé dhéwé sing dilakokaké Jerman Nazi nalika prastawa Holocaust. Barak Auschwitz III (Monovitz) lan anak-anak baraké minangka baraké para bau peksan (forced labor) sing didadèkaké batur tukon.

Gapura baku ing Auschwitz I. Plang sing katon wacané Arbeit Macht Frei, sing tegesé Makarya Bakal Mbébasaké.[1]
Gapura baku ing Auschwitz II, ya iku barak pati ing Auschwitz
Foto sing kondhang iki nggambaraké bocah-bocah lan sawijining nini Yahudi Honggari lumaku ngener kamar gas ing Auschwitz II (1944).

Barak Auschwitz dumunung ing sawijining kutha ing Polen ajeneng Oświęcim. ("Auschwitz" iku satemené istilah Jerman kanggo "Oświęcim.") Ing Jerman, Auschwitz diarani Konzentrationslager Auschwitz (KZ Auschwitz), utawa Vernichtungslager Auschwitz (VL Auschwitz), sing tegesé "barak konsèntrasi Auschwitz."

Schutzstaffel (SS), sing kabawah Heinrich Himmler, iku sing nglakokaké barak-barak pati lan barak-barak konsèntrasi mau ing Jerman Nazi.[2]

Ora ana sing ngerti cacahé wong sing dikirim menyang Auschwitz lan akèhé wong sing séda ing kana. Nanging, para ahli sajarah matara yèn antarané taun 1940 lan 1945, para Nazi ngirimaké udakara wong 1,3 yuta menyang Auschwitz.[3] Kurang luwih wong 1,1 yuta saka wong-wong mau séda utawa diprajaya ana ing Auschwitz.[3]

Latar wuri

Barak panumpesan béda karo barak konsèntrasi. Wiwit taun 1940, para Nazi yasa barak-barak konsèntrasi sing cacahé udakara 150 lan yasa akèh anak barak liyané. Nanging, mung ana enem barak panumpesan ing Jerman Nazi lan kabèhé dumunung ana ing Éropah Wétan.[4]

Ing barak panumpesan, mèh kabèh wong sing ana ing kana diperjaya nalika teka ana ing barak. Para Nazi matèni akèh wong, udakara 3,0-3,5 yuta ing barak-barak pati iki,[5][6] sing 90 persèné wong Yahudi.[7]

Rujukan