Basa Basque

Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basque (wonten ing Basque: euskara) inggih punika basa ingkang dipuntuturaken déning tiyang Basque ingkang dumunung ing Pyrenea ing Lèr-Tengah Spanyol lan sisihan kaliyan kawasan Lèr-Kilèn Prancis. Langkung mligi, Basque ingkang dumunung wonten ing wewengkon otonom Spanyol ingkang dipuntepangi minangka Nagari Basque (Euskadi), ingkang gadhah kapentingan kabudayan lan otonomi pulitik. Tiyang Basque ugi minangka sapérangan ageng pendhudhuk saking wewengkon ingkang dipuntepangi minangka Nagari Basque Lèr ing Prancis lan wewengkon otonom Navarro ing Spanyol. Nami kanggé basa wonten ing Basque Standar inggih punika euskara; wangun dhialèk sanès inggih punika euskera, eskuara lan üskara. Éwadéné géografinipun dipunklilingi déning basa Indo-Éropah, Basque dipunpitadosi minangka basa ingkang kapinggiraken. Piyambakipun sanès basa Indo-Éropah.[2]

Basque
euskara
Dituturaké ingSepanyol Spanyol
Prancis Prancis
WilayahCithakan:Country data Basque Country Nagari Basque kejawi pérangan paling kilèn saking Biscay, sapérangan ageng Alava lan Navarre
Gunggung panutur1,063,700 (basa pisanan: 665,700) taun 2006[1]
Ranking247
Rumpun basaIsolat (Pirsani ngandhap)
Status resmi
Basa resmi ingBasque Country Autonomous Community lan Navarre
Regulated byEuskaltzaindia
Kodhe basa
ISO 639-1eu
ISO 639-2baq (B)Cithakan:Infobox Language/terminological
ISO 639-3eus
Basque speaking area
Lokasi provinsi Basque ing Spanyol lan Prancis
Basque ing Nagari Spanyol lan Prancis
Basque ing Nagari Spanyol lan Prancis
dhialèk Basque

Sajarah lan klasifikasi

Leluhur bangsa Basque inggih punika salah satunggaling kang ndunungi paling sepuh Éropah, lan asal-usulipun taksih dèrèng dipunmangertosi. Mekaten ugi kanthi asal-usul basanipun. Langkung kathah sarjana sami nganggep Basque minangka basa ingkang kaisolasi.

Tulisan-tulisan Latin wonten ing Aquitania nglestantunaken sapérangan tembung ingkang mèmper kaliyan basa proto-Basque, kados wonten ing nama dhiri Nescato (neskato tegesipun "kenya enèm" wonten ing basa Basque modhèren). Basa ingkang dipunusulaken punika dipunsukani nama "Aquitania" lan dipundugi dipun-ginakaken sadèrèngipun tiyang-tiyang saking Romawi bekta basa Latin dhumateng wewengkon Pyrenea kilèn. Amargi tiyang-tiyang Romawi nilaraken tlatah lebet punika, basa Basque Aquitania saged kajagi, déné basa Iberia lan Tartessia mati. Basque lajeng mendhet sapérangan tetembungan Latin, ingkang sadèrèngipun lan sasampunipun basa Latin wonten ing tlatah punika ngrembaka dados basa Gascon (satunggaling pang saking basa Occitan) lan Roman Navarro.[3]

Amargi wates antawising Basque lan tlatah Gascon langkung kirang saking tlatah Basque lan Kastilian, limrahipun dipundugi bilih bangsa Basque asalipun saking Aquitania lan bilih golongan punika migrasi dhumateng sisih kidul.

Sistem panyeratan

Basa Basque dipunserat kanthi migunakaken abjad Latin. Huruf mligi ingkang universal inggih punika ñ; kadhang kala ç lan ü ugi dipun-ginakaken. Basa Basque boten migunakaken c, q, v, w, y kejawi kanggé tembung-tembung silihan; huruf-huruf punika boten dipunanggep minangka péranganing abjad Basque.

Aa Bb Dd Ee Ff Gg Hh Ii Jj Kk Ll Mm Nn Ññ Oo Pp Rr Ss Tt Uu Xx Zz

dd, ll, rr, ts, tt, tx, tz boten dipuntindakaken minangka digraf.

Wonten ing ortografi Sabino Arana (1865..1903), ll lan rr kagantosaken kaliyan ĺ lan ŕ.

Unèn- unèn

Unèn-unèn dhasar

  • Bai = inggih
  • Ez = boten
  • Kaixo!, Agur! = Hallo
  • Agur!, Adio! = Sugeng pepanggihan!
  • Ikusi arte = Sugeng pepanggihan malih!
  • Eskerrik asko! = Matur nuwun!
  • Egun on = Sugeng énjing (teges barès: Sugeng siyang)
  • Egun on, bai = Wangsulan standar kanggé Egun on
  • Arratsalde on = Sugeng ndalu (Good evening)
  • Gabon = Sugeng ndalu (Good night)
  • Mesedez = Nyuwun tulung (please)
  • Barkatu = Pangapunten
  • Aizu! = Mirengaken! (nyuwun kawigatosan, kirang sopan, namung dipun-ginakaken kaliyan kanca)[4]

Wilangan

1bat
2bi
3hiru
4lau
5bost
6sei
7zazpi
8zortzi
9bederatzi
10hamar
11hamaika
12hamabi
13hamahiru
14hamalau
15hamabost
16hamasei
17hamazazpi
18hemezortzi
19hemeretzi
20hogei
21hogeita bat
22hogeita bi
23hogeita hiru
30hogeita hamar (20+10)
31hogeita hamaika (20+11)
40berrogei (2×20)
50berrogeita hamar (2×20+10)
60hirurogeita (3×20)
70hirurogeita hamar (3×20+10)
80larogei
90larogeita hamar
100ehun
200berrehun
300hirurehun
1000mila
2000bimila
1.000.000milioi bat
gunggung __________ zenbaki (sepur, bis, lsp.)
setengaherdi
kiranggutxi
langkunggehiago

Kamus

Pranala njawi

Tata basa

Kamus

Klasifikasi

Cathetan suku

Wacanan sapanjuré

  • AZURMENDI, Joxe: "Die Bedeutung der Sprache in Renaissance und Reformation und die Entstehung der baskischen Literatur im religiösen und politischen Konfliktgebiet zwischen Spanien und Frankreich" In: Wolfgang W. Moelleken (Herausgeber), Peter J. Weber (Herausgeber): Neue Forschungsarbeiten zur Kontaktlinguistik, Bonn: Dümmler, 1997. ISBN 978-3537864192
  • HUALDE, José Ignacio & DE URBINA, Jon Ortiz (eds.): A Grammar of Basque. Berlin: Mouton de Gruyter, 2003. ISBN 3-11-017683-1.
  • TRASK, R. Larry: History of Basque. New York/London: Routledge, 1996. ISBN 0-415-13116-2.