Ganjé

génus tuwuhan

Ganjé ya iku génus tuwuhan kembangan sing sajeroné ana telung spésies (lan pitung takson)[2] utawa subspésies wit,[3] sativa, indica, lan ruderalis. Tuwuhan iki asli Asiah Tengah lan bawana anakan Indhia.[4]

Ganjé
Common hemp
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan:Plantae
Klad:Angiosperms
Klad:Eudicots
Klad:Rosids
Ordho:Rosales
Famili:Cannabaceae
Génus:Cannabis
L.
Species[1]
  • Cannabis sativa L.
  • Cannabis indica Lam.
  • Cannabis ruderalis Janisch

Ganjé wis kawit suwé dianggo lantaran serat hèmé, lenga hèmé, minangka tamba, lan minangka obat seneng-senengan. Pametu abahan hèm saka indhustri digawé saka tuwuhan ganjé pilihan supaya ngasilaké akèh serat. Kanggo minangkani Konpènsi Narkotika PBB, sawenèh galur ganjé dibranah supaya ngasilaké tétrahidrokanabinol (THC), bebakal sikoaktip pokok, mawa tataran sing cilik. Akèh tuwuhané dibranah kanthi titi nedya ngasilaké THC (kanabionidha) cilik sarana mulihaké kembang-kembangé. Sawenèh camboran, kalebu hasis lan lenga has, sariné dijupuk saka tuwuhan iki.[5]

Ing saindenging donya kala taun 2013, 60.400 kilogram ganjé dibranah kanthi resmi.[6] Isih ing taun iku, antara wong 128 lan 232 yuta diwatara nganggo ganjé minangka obat seneng-senengan (2,7% ngancik 4,9% cacah jiwa sadonya umur antara 15 lan 65).[7]

Rujukan