Hiragana
Hiragana (平仮名, ひらがな?) iku silabik Jepang, salah sawijining komponèn saka Cara Tulis Jepang, saliyané iku ana katakana, kanji, lan rōmaji (Aksara Latin). Aksara iki nganggo sistem tulisan fonetik. Tembung hiragana kanthi barès berarti kana "biyasa" utawa "prasaja" (béda karo kanji).[1][2]
Hiragana ひらがな | |
---|---|
Jinis | |
Basa | Basa Jepang lan Basa Okinawa |
Kala | ~800 Masehi tekan saiki |
Aksara babon | [Aksara Balung Ramal]]
|
Aksara sadulur | Katakana, Hentaigana |
Arah nulis | Kiwa manengen |
ISO 15924 | Hira, 410 |
Jeneng Unicode | Hiragana |
Larik Unicode | U+3040-U+309F Hiragana, U+1B000-U+1B0FF Kana Supplement |
Hiragana lan katakana kalebu sistem kana. Kanthi siji utawa loro pengecualian, saben-saben swara ing basa Jepang (saben-saben mora) diwakili déning siji karakter ing saben sistem. Tuladhané, "a" (hiragana あ); yen dimeloni konsonan, dhapuré dadi "ka" (か); utawa "n" (ん), huruf sengau, kaya m, n, utawa ng ([ŋ]) ing Basa Jawa, utawa vokal sengau ing Basa Prancis. Amarga kuwi, sistem kana dijenengi silabik, dudu alpabet.[3]
Kagunaan Hiragana
- nulis akhiran tembung (okurigana,送り仮名). Tuladha: okuru (ngirim) ditulis: 送る. Sing kacetak kandhel kuwi okurigana.
- nulis tembung katerangan (adverb), pira-pira tembung lésan (noun) lan tembung sifat (adjektif).
- tetembungan sing ora dingerteni panulisan Kanji-ne utawa sing wis usang.[4]
- nulis bahan wacanan bocah-bocah kaya ta buku teks, animasi lan komik (manga).
- nulis furigana, uga karan rubi, ya iku teks cilik ing dhuwur kanji, sig nengeri piyé cara ngewaca kanjiné mau. Tuladhané:
べんきょう | |
勉強 | する |
Huruf-huruf Hiragana
Ing ngisor iki ana tabèl kang njlentrehakér huruf-huruf hiragana sarta romanisasi Hepburne (huruf ing werna abang wis ra dinggo maneh)
huruf urip | yōon | ||||||
あ a | い i | う u | え e | お o | (ya) | (yu) | (yo) |
---|---|---|---|---|---|---|---|
か ka | き ki | く ku | け ke | こ ko | きゃ kya | きゅ kyu | きょ kyo |
さ sa | し shi | す su | せ se | そ so | しゃ sha | しゅ shu | しょ sho |
た ta | ち chi | つ tsu | て te | と to | ちゃ cha | ちゅ chu | ちょ cho |
な na | に ni | ぬ nu | ね ne | の no | にゃ nya | にゅ nyu | にょ nyo |
は ha | ひ hi | ふ fu | へ he | ほ ho | ひゃ hya | ひゅ hyu | ひょ hyo |
ま ma | み mi | む mu | め me | も mo | みゃ mya | みゅ myu | みょ myo |
や ya | ゆ yu | よ yo | |||||
ら ra | り ri | る ru | れ re | ろ ro | りゃ rya | りゅ ryu | りょ ryo |
わ wa | ゐ wi | ゑ we | を wo | ||||
ん n | |||||||
が ga | ぎ gi | ぐ gu | げ ge | ご go | ぎゃ gya | ぎゅ gyu | ぎょ gyo |
ざ za | じ ji | ず zu | ぜ ze | ぞ zo | じゃ ja | じゅ ju | じょ jo |
だ da | ぢ (ji) | づ (zu) | で de | ど do | ぢゃ (ja) | ぢゅ (ju) | ぢょ (jo) |
ば ba | び bi | ぶ bu | べ be | ぼ bo | びゃ bya | びゅ byu | びょ byo |
ぱ pa | ぴ pi | ぷ pu | ぺ pe | ぽ po | ぴゃ pya | ぴゅ pyu | ぴょ pyo |
Cara nulis
Rujukan
Pranala jaba
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Hiragana. |
- Practice pronunciation and stroke order of Hiragana Archived 2017-09-14 at the Wayback Machine.
- Hiragana unicode chart
- Hiragana trace sheets Archived 2022-07-15 at the Wayback Machine.