Igor Stravinsky

Igor Stravinsky

Riwayat Urip

Igor Srtavinsky ya iku salah sawijiné komposer kang misuwur ing donya.[1] Stranvinsky lair tanggal 17 Juni 1882 ing Oranienbaum (saiki Lomonosov), cedhak St. Petersburg, Ruslan.[1]
Bapakké salah sawiji penyanyi opera kang misuwur ing Ruslan.[2] Sawisé bapakké mati, Komposer Nikolay Rimsky-Korsakoff dadi guru lan wakil bapané.[2] Sinau marang guru iki, Stravinsky bisa nyinaoni kang utama teknik orkestrasi lan kepekaan warna swara.[2] Nganti taun 1910 akèh karyané Stravinsky kang cukup mantep, antarané Simfoni Eb-Mayor (1905-1907), Scherzo Fantastique (1908) lan Feu d'Artifice (1908).[2]

Karir

Ing taun 1910,Diaghilev tokoh koreografer Ruslan, njaluk Stravinsky kanggo nyiptaaké musik balet kanggo kelompok balet kang kabawah dhèwèké.[3] Musik kang cinipta ya iku kompisisi Firebird kang dipentasaké tanggal 25 Juni 1910 ing Paris.[2] Perang Dunia I kayané ngambat dhèwèké anggoné makarya.[2] Stravinsky miwiti nganggo gaya kang lumrah sinebut Neoklasisisme.[2] Karyané ya iku Balet karo lagu Pulcinella lan Oedipus Rex, Concerto untuk dua pianofortes solo, Concerto dalam D untuk String, Lan sapituruté.[4]

Pranala njaba

Karya

Cathetan suku