Kembang api

Kembang api ya iku materi kang bisa njeblug. Kembang api uga nduwéni daya njeblug kang cilik piroteknik.[1] Kembang api lumrahé dianggo panglipur, amarga kembang api nduwéni efek lampu kang éndah.[1] Kembang api uga digunakaké nalika ana karaméan taun baru utawa dina-dina wigati liyané.[1] Lumrahé dianakaké pertunjukan kembang api.[1] Kembang api ngasilaké patang efek primer ya iku swara, cahya, pega, lan materi kang bisa mabur kaya ta confetti).[1] Kembang api dirancang supaya bisa mbledhos saéngga ngasilaké cahya kang warna-warna kaya ta abang, oranye, kuning, ijo, biru, ungu, lan pérak .[1] Pertunjukkan kembang api wis dadi kagiyatan umum ing donya lan kalebu kagiyatan pista kultural lan religius.[1]

Kembang api
Suwasana Warsa Enggal gedhé dhéwé sadonya ing kutha Sydney

Kembang api tinemu ing Cina kanggo medén-medéni roh jahat.[2] Saliyané nganggo kembang api uga kena digunakaké bubuk mesiu.[2] Kembang api uga digunakaké ing karaméan lan féstival kaya ta Tahun Baru Imlek lan Féstival Bulan ing tengah mangsa palastra.[2] Negara Cina kalebu nagara kang ngasilaké lan ngeskpor kembang api paling akèh ing donya.[2]

Sanajan katon apik, nanging kudu ati-ati yèn nyumet kembang api.[2] Kembang api nduwéni efek panas, saéngga bisa njalari tatu yèn kena geniné.[2]Wektu mbledhos wujud lan wernané kembang api béda-deda siji lan sijiné, saéngga yèn diblédhosaké bareng bakal nggawé efek cahya kang apik lan katon éndah.[2] Cacahé lan suwéné uripé cahya ing kembang api uga kena diatur.[2] Carané kanthi ngukur bahan-bahan kimia kang minangka nggawé kembang api.[2] Dhapuré kembang api uga warna-warna.[2]

Cathetan suku


Cithakan:Kagunan-stub