Kurdhistan

Kurdhistan (basa Kurdhi: [ˌkurdɪˈstan]; "Tanah wutah getihé wong Kurdhi" utawa "Tanah Kurdhi")[4] utawa Kurdhistan Magung iku wewengkon géo-budaya kang didunungi wong Kurdhi, minangka mayoritas ing kono.[5] Wewengkon iki dadi asalé budaya, basa, saha jatidhiriné bangsa Kurdhi.[6] Kurdhistan nyrambahi Pagunungan Zagros iring lor-kulon lan Pagunungan Taurus iring wétan.[7]

Kurdistan

Tanah Kurdhi
BasaBasa Kurdhi
PernahMésopotamia udhik, lan Pagunungan Zagros, kalebu péranganing Wewengkon Anatolia iring wétan (Pagunungan Arméni) lan Anatolia Kidul, Suriah iring lor, Irak iring lor, lan Plato Irani iring lor-kulon.[1]
PéranganKurdhistan Lor
Kurdhistan Kidul
Kurdhistan Wétan
Kurdhistan Kulon
Nagara Turki
 Irak
 Iran
 Suriah
Laladan190.000–390.000 km²–500.000 km²
74.000–151.000 sq. mi[butuh sitiran]
Cacah wongDiwatara ana 36,4 yuta ing taun 2016 [2][3]
Kutha gedhé dhéwéDiyarbakır (Amed)
Erbil (Hawler)
Kermanshah (Kirmashan)
Kirkuk (Kerkuk)
Sanandaj (Sine)
Sulaymaniyah (Slemani)
Urfa (Riha)
Van (Wan)
Internèt TLD.krd

Ing jaman saiki, tembung Kurdhistan tegesé laladan-laladan iki: Turki iring kidul-wétan (Kurdhistan Lor), Suriah iring lor (Rojava utawa Kurdhistan Kulon), Irak iring lor (Kurdhistan Kidul), lan Iran iring lor-kulon (Kurdhistan Wétan).[8][9] Sawenèh pakumpulan nasionalis Kurdhi marusudi yasa sawijining nagara bangsa kang mardika saka sawenèh utawa sakabéhing wewengkon mau kanthi wong Kurdhi dadi mayoritasé, déné sawenèh liyané kampanye njaluk otonomi luwih ing sajeroning nagara-nagara kang saiki dienggoni wong Kurdhi.[10][11]

Kurdhistan Irak pisanan éntuk status otonom lumantar pasarujukan ing taun 1970 karo pamaréntah Irak. Statusé mau dikukuhaké manèh ing taun 2005 ing sajeroning républik Irak fédheral.[12] Ana sawijining provinsi jeneng Kurdistan ing Iran kang ora swatantra. Wong-wong Kurdhi kang perang ing Perang Sipil Suriah kasil ngrebut pérangan gedhéné wewengkon Suriah iring lor amarga wadyaning pamaréntah Suriah kang setya tuhu marang Bashar al-Assad mundur saka palagan. Kasil yasa pamaréntahané dhéwé, wong Kurdhi mau njaluk otonomi ing Suriah fédheral sawisé perang[13]

Wong

Wong Kurdhi iku wong asli Indhu-Éropah. Wong-wongé ngendikan sawijining basa Irani aran basa Kurdhi lan minangka mayoritas ing wewengkon iki kang uga didunungi wong Arab, wong Arméni, wong Suriah,[14] wong Azerbaijan, wong Yahudi, wong Oséti, wong Pèrsi, lan wong Turki. Akèh-akèhé kang manggoni wewengkon iki nggilut agama Islam, nanging uga ana kang nggilut agama liyané kaya ta Yarsanisme (agamaning wong Kurdhi), Yazidhi, Alévi, Kristen,[15] lan Yahudi (mligi ing kala kapungkur), kang akèh-akèh wis ngalih menyang Israèl.[16]

Réferènsi