Landhak

Landhak
Landhak Amérika Lor
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia (Sato Kéwan)
Filum:Chordata
Klas:Synapsida
Ordho:Rodentia

Landhak (Rodentia) ya iku kéwan kang duwé rambut kang kandel lan wujudé wujud eri lancip. Landhak tinemu ing Asia, Afrika, lan Amérika, nanging luwih akèh ditemoni ing wewengkon tropis. Landhak minangka kéwan ngrikiti paling gedhé katelu, sawisé kapibara lan berang-berang. Landhak bentuké rada bunder lan ora pati lincah yèn dibandingaké karo tikus amarga rambut eriné. Kéwan liya kang wujud nanging dudu kéwan ngrikiti ing antarané: landhak susu lan landhak semut (Echidna), kang uga dikenal kanthi jeneng "landhak".

Landhak racaké ya iku hèrbivor, seneng godhong, kayu, lan pérangan kulit kayu. Amarga iku, landhak uga dianggep dadi ama tanduran. Ewasemono, ana uga wong kang ndadèkaké landhak dadi bahan pangan[1]. Saté landhak dadi sawijining panganan kas saka Kabupatèn Karanganyar.

Landhak kang biyasa dikenal wong ya iku Hystrix, nanging racaké landhak dianggo kanggo nyebut anggota saka suku/famili Erethizontidae, marga: Coendou, Sphiggurus, Erethizon, Echinoprocta, lan Chaetomys lan Hystricidae, marga: Atherurus, Hystrix, lan Trichys.

Klasifikasi èlmiah

[[

Barkas:Landhak jawa Hystrix javanica.JPG
Landhak Jawa
Hystrix longicauda saka Sumatra
Landhak Amérika Lor

Bangsa Rodentia

  • Anak bangsa Hystricomorpha
    • Upabangsa Hystricognathi
      • Suku Hystricidae
        • Landhak afrika, Atherurus africanus
        • Landhak asia, Atherurus macrourus
        • Crested Porcupine, Hystrix cristata
        • Cape Porcupine, Hystrix africaeaustralis
        • Landhak india, Hystrix indicus
        • Landhak malaya, Hystrix brachyura
          • Landhak himalaya, Hystrix (brachyura) hodgsoni
        • Landhak jawa, Hystrix javanica
        • Landhak sumatra, Hystrix (Thecurus) sumatrae
        • Landhak kalimantan, Hystric (Thecurus) crassispinis
        • Landhak filipina, Hystrix (Thecurus) pumilis
        • Landhak buntut dawa, Trichys fasciculata
      • Suku Thryonomyidae: cane rats
      • Suku Petromuridae: Tikus dassie
      • Suku Bathyergidae: Tikus tanah afrika
      • Suku Hydrochaeridae: kapibara
      • Suku Caviidae: cavies
      • Suku Dasyproctidae: agoutis lan acouchis
      • Suku Erethizontidae: Landhak donya baru
        • Landhak brasil, Coendou prehensilis
        • Landhak dwiwarna, Coendou bicolor
        • Landhak andès, Coendou quichua
        • Landhak ''koopman'', Coendou nycthemera (koopmani)
        • Landhak rothschild, Coendou rothschildi
        • Landhak santa marta, Coendou sanctemartae
        • Landhak mèksiko, Sphiggurus mexicanus
        • Landhak amerika kidul, Sphiggurus spinosus
        • Landhak bahia, Sphiggurus insidiosus
        • Landhak coklat, Sphiggurus vestitus
        • Landhak oranye, Sphiggurus villosus
        • Streaked Dwarf Porcupine, Sphiggurus ichillus
        • Black-tailed Hairy Dwarf Porcupine, Sphiggurus melanurus
        • Landhak roosmalen, Sphiggurus roosmalenorum
        • Frosted Hairy Dwarf Porcupine, Sphiggurus pruinosus
        • Landhak amérika lor, Erethizon dorsatum
        • Stump-tailed Porcupine, Echinoprocta rufescens
        • Bristle-spined Porcupine, Chaetomys subspinosus (kadhang kala diklasifikasèkna minangka echymid)
      • Suku Chinchillidae: chinchillas lan allies
      • Suku Ctenomyidae: tuco-tuco
      • Suku Myocastoridae: Coypu
      • Suku Octodontidae: octodont
      • Suku Ctenodactylidae: gundi

Catatan Sikil