Afrika

bawana ing kawasan afro-eurasia

Afrika iku bawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sa donya sawisé Asia. Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahing bumi lan 20,4% lumah lemah donya.[1] Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sak milyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, yaiku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya.Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, yaiku Afrika Lor (Maghribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.

Afrika

Afrika diliwati garis katulistiwa lan duwé warna-warna iklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé.[2] Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika yaiku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.[3]

Étimologi

Péta Afrika 1890

Tembung Afrika asal saka basa Latin, Africa terra — "Tanah Afri" (wujud jamak saka Afer) — kanggo nuduhaké pérangan lor bawana mau, wektu iki minangka péranganing nagara Tunisia, papan panggonan provinsi Romawi ing Afrika. Asal tembung Afer manawa saka basa Fenisia, afar tegesé "awu";[4] utawa saka suku Bani Ifran,[5] sing manggon ing pérangan lor bawana iki cedhak Kartago; utawa saka basa Yunani aphrike sing tegesé "tanpa adhem"; utawa saka basa Latin aprica sing tegesé "cerah".

Sajarah

Afrika iku dadi padunungan manungsa sing paling wiwitan, saka bawana iki manungsa sabanjuré nyebar menyang bawana-bawana liya.[6][7] Werna-warna fosil saka spesiés manungsa purba kang wujudé esih kaya kethèk uga akèh tinemu, kaya ta Australopithecus afarensis (dinuga kira-kira saka 3,9–3,0 yuta taun SM),[8] Paranthropus boisei (k. 2,3–1,4 yuta taun SM),[9] lan Homo ergaster (k. 1,9 yuta–600.000 taun SM).[1] Sawijining fosil kerangka manungsa purba sing misuwur diarani "Lucy", saiki disimpen ana ing musiyum nasional Addis Ababa, Etiopia. Manungsa sing modhèren kanthi anatomi wiwit kapisanan wujud fosil ing Afrika saka 195.000 taun kapungkur, nanging panelitian biologi molekulèr nemu tandha-tandha prakiran wektu pamisahan nènèk moyang sakabèhé populasi manungsa modhèren yaiku 200.000 taun kapungkur.[10][11][12][13][14]

Paternakan kéwan diprakirakaké wis diwiwiti taun 6000 SM ing Afrika Lor.[15] Ing taun 4000 SM, iklim Sahara molai dadi garing lan banjur rikat banget dadi ara-ara.[16] Akibaté wewengkon sing bisa kanggo panggonan wong tani dadi sithik, amarga iku nggarai mingrasi menyang Afrika Kulon kang wewengkoné nduwé iklim luwih tropis.[16]

Wiwit kira-kira taun 3300 SM, wiwit tinemu cathetan sajarah ing Afrika Lor, yaiku saka paninggalan peradaban Pirngon ing Mesir Kuna.[17] Salah sawijining peradaban paling kuna lan suwé umuré ing donya, kakuwaosan Mesir Kuna iku ngadeg lan nyebaraké warna-warna prabawa ing wewengkon-wewengkon liyané nganti tekan taun 343 SM.[18][19] Wong Fenisia saka Tirus (saiki ing Libanon) uga nuwuhaké punjer peradaban sing indepènden ing Kartago kang dumunung ana ing pasisir lor-wétan Afrika.[20][21][22] Ing taun 332 SM, Alexander Agung yasa kutha Alexandria ing Mesir, kang sabanjuré dadi kutha krajan sing mégah lan minangka panggonan panguwasa Ptolemeus Mesir.[23]

Perkembangan agama Kristen ing Afrika wis molai saka abad angka 1, yaiku wiwit diadegaké Gréja Ortodoks Alexandria déning Santo Markus sang Panginjil watara taun 43.[24] Agama Kristen sumebar ing pirang-pirang tlatah saka Palestina nganti Mesir, uga ngliwati wates kidulé wewengkon Romawi menyang Nubia lan abad angka 6 uga wis teka ing Ethiopia. Ing mangsa awal abad angka 7 nganti abad angka 8, agama Islam sumebar ana ing tlatah Afrika Sub-Sahara, mligi ngliwati jalur dagang lan migrasi.[25]

Géografi

Foto Afrika kang dijupuk saka Apollo 17

Afrika iku wewengkon kebak alas kang lembab, padhang pasir kang garing, lan alas tropis. Afrika ugi bawana kang kebak bukit kang dhuwur lan ing pucukipun diubengi salju, sabana, lan udan kabut angin.

Afrika iku bawana gedhé dhéwé saka telu bawana ing belahan kidul Bumi lan sing gedhé dhéwé kaloro sawisé Asia. Jembaré kurang luwih 30.244.050 km2 (11.677.240 mil2) kalebu kapuloan ing saubengé, nyakup 20,3% saka total dharatan ing bumi lan didunungi punjul 800 yuta manungsa, utawa watara sapropitu populasi manungsa ing donya.

Kapisah saka Éropa déning Sagara Tengah, Afrika nyawiji karo Asia ing pucuk lor-wétan liwat Terusan Suez sing ambané 130 km. Ujung Sinai sing diduwèni déning Mesir kerep dianggep kanthi geopolitis minangka péranganing Afrika. Saka ujung paling lor, Tanjung Spartel ing Maroko, ing 37°21′ lintang lor, tekan ujung paling kidul, Tanjung Agulhas ing Afrika Kidul, 34°51′15″ lintang kidul, kabentang wewengkon sing leté 8.000 km; saka ujung paling kulon, Tanjung Verde, 17°33′22″ bujur kulon, nganti ujung paling wétan, Ras Hafun ing Somalia, 51°27′52″ bujur wétan, leté watara 7.400 km. Dawaning garis pasisir 26.000 km (minangka perbandingan, Éropa, sing duwé jembar 9.700.000 km² duwé garis pasisir 32.000 km).

Lumrahe wewengkon Afrika awujud lemah kang garing. Kualitas lemah kang kurang apik lan gampang rusak. Akèh lemah kang kurang subur amarga ngandhut akèh laterit, yaiku jenise watu kang gawé warna abang lemah.

Pulitik

Deleng uga: Pratélaning parté pulitik ing Afrika miturut nagara

Ana pratandha cetha saka tambahé jaringan antarané organisasi lan nagara Afrika. Contoné, ing perang sipil ing Républik Dhémokratis Kongo (biyèn Zaire), tinimbang nagara non-Afrika sugih kang ngintervénsi, nagara-nagara Afrika tetanggan dadi mèlu (deleng uga Perang Kongo Kapindho). Wiwit konfliké wiwit ing taun 1998, kira-kira kurban jiwa wis tekan 5 yuta.

Uni Afrika

Peta Uni Afrika karo nagara kang disuspènsi diwernani ijo

Uni Afrika (AU) iku sawijining fédherasi 54-anggota dumadi saka kabèh nagara Afrika kajaba Maroko. Panunggalan iku kawangun, kanthi Addis Ababa, Étiopia, minangka kantor punjer, tanggal 26 Juni 2001. Panunggalan iku resmi diadegaké ing 9 Juli 2002[26] minangka penerus Organisasi Afrika Bersatu (Organisation of African Unity, OAU). Ing Juli 2004, Parlemèn Pan-Afrika (Pan-African Parliament, PAP) Uni Afrika dipindhah menyang Midrand, ing Afrika Kidul, nanging Komisi Afrika ing Hak Manungsa lan Bangsa tetep ing Addis Ababa. Ana aturan kang isih berlaku kanggo desentralisasi institusi Federasi Afrika kang supaya padha dibagi déning kabèh nagara.

Uni Afrika, aja bingung karo Komisi AU, wis kawangun déning Undhang-Undhang Konstitutif Uni Afrika, kang yakuwi kanggo ndandani Komunitas Ékonomi Afrika, sawijining persemakmuran keklumpukan, menyang nagara sing ing pengakuan internasionalé dikukuhaké. Uni Afrika nduwé pemerintah parlementer, yaiku African Union Government, dumadi saka organ lègislatif, kahakiman, lan èksekutif. Iku dipanggedhèni déning Présidhèn lan Kepala Negara Uni Afrika, sing uga Présidhèn Parlemèn Pan-Afrika. Wong dadi Présidhèn AU amarga kapilih déning PAP, lan salajengipun éntuk panjurung mayoritas ing PAP. Kakuwasan lan otoritas saka Présidhèn Parlemèn Afrika asalé saka Undhang-Undhang Konstitutif lan Protokol Parlemèn Pan-Afrika, sarta warisan saka panguwasa présidhèn ditetapaké déning prajanjèn Afrika lan prajanjèn internasional, kalebu sing subordinating Sekretaris Jenderal ing Sekretariat OAU (Komisi AU) kanggo PAP. Pamarentah AU kasusun saka otoritas kabèh-uni (fédheral), regional, nagara, lan kotamadya, uga atusan institusi, sing bebarengan ngatur urusane dina-dina ing institusi.

Hubungan pulitik kaya ta Uni Afrika ngewéhi pangarep-arep kanggo ko-operasi lan tentrem luwih antarané akèh nagara ing bawana iki. Penyalahgunaan hak manungsa ekstensif isih dumadi ing sawatara péranganing Afrika, asring wonten ing kelalaian saka nagara. Akeh pelanggaran kelakon kanggo alasan pulitik, asring minangka efek sisih perang sipil. Negara ing kana pelanggaran hak manungsa utama wis dilapurké akir-akir iki kalebu Républik Dhémokratis Kongo, Sierra Leone, Liberia, Sudan, Zimbabwe, lan Panté Gadhing.

Nagara-nagara

Sapérangan gedhé nagara ing Afrika iku tilas nagara jajahan, kajaba Afrika Kidul, Etiopia lan Liberia. Républik Dhémokrasi Kongo minangka tilas jajahan Bèlgi. Mesir, Sudan, Uganda, Kenya, Djibouti, Sierra Leone, Ghana, Nigeria, Zambia, Zimbabwe lan Botswana tilas jajahan Karajan Manunggal. Maroko, Aljazair, Mauritania, Mali, Senegal, Guinea, Pasisir Gadhing, Burkina Faso, Benin, Niger, Chad, Républik Afrika Tengah, Gabon, Kongo lan Madagaskar tilas jajahan Prancis. Togo, Kamerun, Burundi, Rwanda, Tanzania lan Namibia tilas jajahan Jerman. Libya, Eritrea, Somalia tilas jajahan Italia. Guinea Bissau, Angola, Malawi, lan Mozambik yaiku tilas jajahan Portugal. Sarta Sahara Kulon sing tilas jajahan Spanyol. Saproteloné yaiku 15 saka 47 nagara kakurung déning dharatan.

Wewengkon Afrika Lor

Afrika lor kapérang saka nagara Aljazair, Maroko, Tunisia, Libia, Mesir, lan Sudan. Ing kabèh nagara iki, sapérangan akèh padununge yaiku wong-wong Arab lan agamané Islam. Basa kang utawa ing wewengkon iki yaiku basa Arab lan Prancis. Awit 5000 taun kapungkur, ing sadawané wewengkon lor Afrika wis ana masarakat kang duwé kabudayan kang luhur. Kaya ta Mesir Kuno, salah sijiné masarakat kang ngembangaké kabudayan kang luhur.Wewengkon Afrika Lor dadi laladan kang ngasilaké pangan, kaya ta: Kurma, Zaitun, lan Anggur, ditandhur bareng karo sayur-sayuran lan pari. Wewengkon kang ditukuli suket dianggo kanggo ngingu wedhus, lan raja-kaya liyané. Saka paternakan iki diasilake wol lan kulit mentah.

Wewengkon Afrika Kulon

Wewengkon sisih kulon Afrika kapérang saka nagara Mali, Burkina Faso, Niger, Pasisir Gading, Guinea, Senegal, Mauritania, Benin, Togo, Kamerun, Guinea Bissau, Sao Tome lan Principe, Guiena Ekuatorial, Sahara Kulon, Liberia, Sierra Leone, Gambia, Ghana, lan Nigeria. Wewengkon kulon iki dadi wewengkon kapisan kang ditekani wong Éropa. Bangsa Portugis miwiti njajah ing taun 1400-an.

Wewengkon Afrika Wétan

Wewengkon iki kapérang saka nagara Etiopia, Somalia, Djibouti, Rwanda, Burundi, Uganda, Kenya, lan Tanzania. Laladan iki awujud wewengkon gisik pasisir kang rata, munggah marang plato kang dhuwur, kang kapedhot déning tlaga lan gunung-gunung kang dhuwur. Ing Afrika Wétan akèh ditemoni masarakat keturunan kang béda-béda, duwé basa kang béda uga. Nanging sapérangan akèh nganggo basa Swahili.

Jeneng wewengkon lan
territoral lan gendéra
Jembar
(km²)
Populasi
(prakiran 1 Juli 2008)
Kapadhetan Padunung
(per km²)
Kutha krajan
Afrika Wétan
Burundi27.8308.988.091[27]322,9Bujumbura
Komoro2.170752.438[27]346,7Moroni
Djibouti23.000516.055[27]22,4Djibouti
Eritrea121.3205.647.168[27]46,5Asmara
Etiopia1.127.12785.237.338[27]75,6Addis Ababa
Kenya582.65039.002.772[27]66,0Nairobi
Madagaskar587.04020.653.556[27]35,1Antananarivo
Malawi118.48014.268.711[27]120,4Lilongwe
Mauritius2.0401.284.264[27]629,5Port Louis
Mayotte (Prancis)374223.765[27]489,7Mamoudzou
Mozambik801.59021.669.278[27]27,0Maputo
Réunion (Prancis)2.512743.981(2002)296,2Saint-Denis
Rwanda26.33810.473.282[27]397,6Kigali
Seychelles45587.476[27]192,2Victoria
Somalia637.6579.832.017[27]15,4Mogadishu
Tanzania945.08741.048.532[27]43,3Dodoma
Uganda236.04032.369.558[27]137,1Kampala
Zambia752.61411.862.740[27]15,7Lusaka
Afrika Tengah
Angola1.246.70012.799.293[27]10,3Luanda
Kamerun475.44018.879.301[27]39,7Yaoundé
Républik Afrika Tengah622.9844.511.488[27]7,2Bangui
Chad1.284.00010.329.208[27]8,0N'Djamena
Kongo342.0004.012.809[27]11,7Brazzaville
Républik Dhémokrasi Kongo2.345.41068.692.542[27]29,2Kinshasa
Guinea Khatulistiwa28.051633.441[27]22,6Malabo
Gabon267.6671.514.993[27]5,6Libreville
São Tomé lan Príncipe1.001212.679[27]212,4São Tomé
Afrika Lor
Aljazair2.381.74034.178.188[27]14,3Aljir
Mesir[28]1.001.45083.082.869[27] total, Asia 1,4m82,9Cairo
Libya1.759.5406.310.434[27]3,6Tripoli
Maroko446.55034.859.364[27]78,0Rabat
Sudan2.505.81041.087.825[27]16,4Khartoum
Tunisia163.61010.486.339[27]64,1Tunis
Sahara Kulon[29]266.000405.210[27]1,5El Aaiún
Teritori Spanyol lan Portugal ing Afrika Lor
Kapuloan Canary (Spanyol)[30]7.4921.694.477(2001)226,2Las Palmas de Gran Canaria,
Santa Cruz de Tenerife
Ceuta (Spanyol)[31]2071.505(2001)3.575,2
Kapuloan Madeira (Portugal)[32]797245.000(2001)307,4Funchal
Melilla (Spanyol)[33]1266.411(2001)5.534,2
Afrika Kidul
Botswana600.3701.990.876[27]3,3Gaborone
Lesotho30.3552.130.819[27]70,2Maseru
Zimbabwe390.58011.392.629[27]29,1Harare
Namibia825.4182.108.665[27]2,6Windhoek
Afrika Kidul1.219.91249.052.489[27]40,2Bloemfontein, Cape Town, Pretoria[34]
Swaziland17.3631.123.913[27]64,7Mbabane
Afrika Kulon
Benin112.6208.791.832[27]78,0Porto-Novo
Burkina Faso274.20015.746.232[27]57,4Ouagadougou
Tanjung Verde4.033429.474[27]107,3Praia
Pasisir Gadhing322.46020.617.068[27]63,9Abidjan,[35] Yamoussoukro
Gambia11.3001.782.893[27]157,7Banjul
Ghana239.46023.832.495[27]99,5Accra
Guinea245.85710.057.975[27]40,9Conakry
Guinea-Bissau36.1201.533.964[27]42,5Bissau
Liberia111.3703.441.790[27]30,9Monrovia
Mali1.240.00012.666.987[27]10,2Bamako
Mauritania1.030.7003.129.486[27]3,0Nouakchott
Niger1.267.00015.306.252[27]12,1Niamey
Nigeria923.768158.259.000[27]161,5Abuja
Saint Helena, Ascension, lan Tristan da Cunha (Karajan Manunggal)4107.637[27]14,4Jamestown
Senegal196.19013.711.597[27]69,9Dakar
Sierra Leone71.7406.440.053[27]89,9Freetown
Togo56.7856.019.877[27]106,0Lomé
Total Afrika30.368.6091.001.320.28133,0

Deleng uga

  • Pratélan nagara

Réferènsi

Pranala njaba